informasi cari disini

Thursday 6 October 2016

KEKANCAN

KEKANCAN


PAMBUKA
Manungsa nduweni watak sosial, manungsa mesti nduwe karep sesrawungan marang liyane. Mesti bae kepengin ngerti kahanan kiwo tengene, luwih gede kepengin mangerteni kahanan ing pribadine dewe, rasa pengin ngerti iki kang nyababake manungsa perlu srawung.
Urip bebrayan ing masarakat, wong kang ora tau srawung wong liya, mesti bae bakal sumingkir saka masarakat lan kesingkir. Tibane bakal agawe owahing pikir samsaya gede bakal ndadekake emeng ing pikir, tembung liya di arani depresi. Manut pangandikane Dr. Everett Kleinjan srawung iku wes dadi bageane urip kang asipat langgeng kaya dene wetune napas, pengin urip mula perlu srawung.
Akeh para misuwur nganggep menawa srawung iku sawijining butuhing urip kang asipat pandom utawa arahing urip. Profesor Wilbur Schramm mratelakake menawa sesrawungan lan masarakat iku  tembung loro  kang tan bisa pinisah saka siji lan sijine, amarga kanti srawung iku masyarakat bisa dumadi, mula anane masarakat iku kawiwitan saka srawunge pawongan siji lan sijine. Apa kang amiwiti pasrawungan iku ana loro bab yaiku kanggo langgenging urip lan gawe larasing urip sesrawungan ing sawijining laladan papan panggonan. (Schramm,1982)
Sifat sosial kang dadi cirine manungsa iku mbutuhke sesrawungan, tanpa nduwe srawung urip jagat iki kaya sepi, saben ndina manungsa mbutuhke wong liya mbuh kanggo urusan kang wigati apa mung kanggo gegojekan, guyon lan sak panunggalane, para misuwur akeh banget kagungan penemu babagan srawung iku. Harold D. Lasswell milah-milahake babagan srawung dadi telung prekara sesrawungan kang dadi dasaring sabab, kena apa manungsa iku perlu srawung.
Sepisan, karep manungsa kanggo ngawat-awati lan njaga papan panggonane, kanti srawung karo wong-wong kang manggon ing panggonan pada, bisa migunani kanggo njupuk mupangat, ngopeni, lan nyingkirke kahanan kang mbebayani tumrap jiwa lan ragane. Kanti srawung manungsa bisa ngerteni kahanan kang dumadi ing papan panggonane, lumantar srawung manungsa bisa ngangsu kawruh lan nambahi kapinterane, katrampilane, nduwe srawungbisa sinau samubarang, mesti bae kanti sinau saka pengalamaning urip utawa kanti nampa pawarta kang tinampa lumantar sesrawungan iku mau.
Kapindo, manungsa ngupaya bisa tinampa kanti becik apik ing papan panggonane, sejatine manungsa iku bisa ketampa ing laladan papan panggonane yen bisa ngerteni kahanan ing papan panggonane, mula pangupaya mengerteni lan nampa kabeh kahanan kang ana ing papan panggonane iku kang dadi dasar bisa nduwe srawung. Bisa nampa tegese tanggap sasmito menawa ana kahanan kang mbebayani tumrap diri pribadi lan tangga teparone, kaya dene rikala ana bebaya banjir bandang, lindu, gunung njeblug, lan mangsa kang mahanani pakartine manungsa ngalami owah gingsir, nanging sak liyane iku ugo kahanan papan panggonane iku sawijine tantangan, ing urip kang kaya mangkene iki manungsa kudu bisa mad-sinamadan ngerteni kahanan tangga teparone,pawongan kudu rukun lan tetulung tumrap sabangsane nora cetil methithil, gelem nampa nanging ora gelem menehi, saengga bisa tinampa masarakat ing papan panggonane kanti guyup rukun mahanani tentreming ati lan pikirane kabeh para warga.
Katelu, transformasi, yaiku sesrawungan apik kang wus lumaku bisa nerusake dene anak turune, amarga lumantar sesrawungan kang apik iku bisa mahanani tentreming urip lan bisa nerusna garis keturunan iku mau. Mesti bae saben tatanan iku ngalami owah-owahan amarga kesaru dening kahanan jaman kang beda, nanging pangupaya nerusna tradisi sesrawugan kang apik iku mesti katindakna supaya bisa langgeng kahanan ayem tentrem sumulur tumeka anak putu.
Saka katrangan ing nduwur trawaca menawa sesrawungan iku ora kena dipisahake ing bebrayan urip ing masarakat. Profesor David K Berlo saka Michigan State University nyebutna kanti ringkes menawa srawung iku gaman kang kanggo urip bebrayan ing masarakat, srawung kanggo mangerteni watakke liyan, lan ugo kanggo mangerteni kahanan kang di alami diri pribadi kanggo rumakete sesrawugan ing masarakat (Byrnes, 1965).
Pungkasane trawaca sesrawungan tan kena pinisahna kalawan uriping janma manungsa. Mbuh iku manungsa minangka janma kang awujud diri pribadi utawa manungsa minangka kluwarga ing pasrawungan masarakat. Srawung digunaake kanggo ngatur tatakrama sesrawungan masarakat, amarga kanti srawung bisa ndadekake kapribaden mbuh iku kawula alit, punggawa pangreh praja tatananing negara, seniman utawa para pangarsane agama.
Lumakune jaman srawung wes ngalami maneko warna owah-owahan, apa kawuri yen ditindaake pawongan iku wagu tur saru, nanging ing wektu iki ora lan wus dianggep lumrah, suwalike semono uga, apa kang ndisik iku lumrah nanging yen di cakke ana wektu saiki di anggep ora patut, njur ana unen-unen “ketinggalan jaman”, kabeh mau ora ana kang luput, mula sapa bae saben nduwe pangucap, lan tumindak apa bae kudu empan papan lan panggonan, kudu digatukake karo sapa srawung iku pas ngetokna umbal gagasan, aja nganti karepe becik nanging bisa salah tampa pawongan kang diajak rembugan iku mau. Cekak aos ing jaman saiki kasembadan utawa ora urip gumantung kapinteran anggone sesrawungan kalawan pada-padane. 
Srawung ing pasrawungan iku werna-werna wujude, ana kang nduwe srawung mung cukup kanggo nggampangke anggone golek rejeki tuladane kanca sak pagawean, kanca pasar kagem dedagangan dodolane, lan sakpanunggalane. Ana srawung ing media sosial, email, gmail, facebook, whatsapp, line, tango, twitter, istagram lan sakpanunggalane.
Ana kang srawung saka dasar nduwe karep lan pamawas kang pada. Pasrawungan kang mangkana iku beda-beda wujude, ana kang bisa kepetuk lan bisa kekancan ing saben ndinane, ana kang ora kepetuk nanging bisa kekancan lumantar alat kaya tulada ing nduwur.
Yen diwaspadakake saka katrangan ing nduwur, pasrawungan sakliyane ana ing papan panggonane, srawung amarga ana gandengan karep lan butuhe, srawung amarga pada kekareman lan kasenengane, mula kekancan bisa nganti nggayuh pawongan saka njaba rangkah, bisa beda desa, beda kecamatan, beda laladan nganti bisa beda bangsa lan basa, beda tradisi lan budaya, beda watak lan jasmani. 
Watake manungsa beda-beda manut kapribadene, yen kanca iku apik mesti bae bisa nggampangke laku uripe amarga oleh pambiyantu rikala ana bot repoting urip pada tetulung. Nanging uga ana nduwe kanca malah nambah prekarane urip kanca iku bisa nyusahake, kang  bisa gawe wirang, gawe cilaka malah ana uga nganti bisa teka patine pawongan.
Kaperang kanca iku ana loro jenise yaiku kanca apik utawa kanca sejati lan kanca culika yaiku kanca kang ora nduwe nalar budi kang apik kang bisa nyilakani ing urip. Lumantar buku iki bakal mbedah mbukak jatining kanca manut pirang-pirang katrangan kang bisa dadi kaca brenggala ing urip kanggo para nupiksa kabeh.
JAGATING KEKANCAN

A.    Pangerten Kanca
Tembung kanca bisa diarani rowang, mitra, rencang (https://ensiklopedihindunesia.wordpress.com/), rowang iku tegese ngewangi pagaweyane kanca kang ora bisa digarap dewe mbutuhaké pambiyantune wong liya, wong kang ngewangi utawa mbiyantu bisa sinebut rowang.
Mitra iku kanca srawung, kanca nyambutgawe,  utawa nyambutgawe digarap bareng-bareng kanggo nyepetaké pagawean, kang ana sambung rapete kalawan pagaweyan iku. Mula sinebut mitra pagaweyan. Mitra pagaweyan nduweni tugas lan tanggungjawab kang pada ing pagaweyan.
Rencang ateges ngrencangi, mbatiri, ngancani, utawa ngewangi. Pagaweyan utawa nindaaké sawijine kuwajiban kang ora bisa digarap dewe kang mbutuhaké pambiyantune wong liya. Tuladane ing karang padesan ana kang sinebut “sambatan”, yaiku pagaweyan kang mbutuhke kanca sing bisa disambati, gawe omah, panen asil tani lan sakpanunggalane. Uga ana kang sinebut “rewang” ngewangi pagaweyane sanak sedulur lan tangga teparo naliko ana pahargyan, sukuran lan sakpanunggalane, mula bisa ana tetembungan “rewang mantu” ngewangi pagaweyane sanak sedulur lan tangga teparo kang lagi nduwe gawe mantu.Sambatan, rewang iku tumindak kang ditindaaké dudu kanggo butuhe dewe, nanging butuhe wong liya. Biasane sing di jaluki pitulungan bisa  sanak sedulur, kanca utawa tangga teparo.
Akéh banget ana kadadeyan kang bisa nuduhaké wong sing nduwe gawe, nyambat katon menawa nduwe kanca akéh, kancané sethitik utawa ora nduwe kanca. Yen kancanéakéh, srawunge akéh, mesti baé pagaweyan utawa nalika nduwe gawe kanca kang ngrewangi cacahe uga akéh, suwalike ora nduwe srawung utawa ora tau srawung mulane kang ngrewangi cacahe uga  sethitik.
Sanadjan cacahe wong kang menehi pambiyantu ora bisa dienggo ukuran, amarga akéh sabab kang njalari bisa akéh lan sithikke sing gelem ngewangi, wong kang kinurmatan, kajen keringan mesti baé kang menehi pambiyantu rikala nduwe gawe akéh, suwalike wong kang asor budine, ora kajen ing masarakat bisa baé ora ana kang suthik menehi pambiyantu, pada ora sudi ngewangi abot repote pawongan iku. Mulane akéh lan sithik kanca gumatung kapribadene sawijine pawongan.     
Akéh banget carito lan dongeng ngenani kekancan, kawiwitan saka dongeng "Babad Tanah Jawi" kang wis dialihaksarakélan ditegesaké ana basa jawa Sudibjo Z.H, dikandaaké menawa Ki Ageng Ageng Pemanahan  lan Ki Ageng Giring  iku wong lorosing kekancan. Sawijine wektu Ki Ageng Pemanahan  entuk bebungah saka Sultan Pajang sawijine papan panggonan aran alas Mataram. Bebungah iku diwenehke dening Sultan Pajangkaro Ki Ageng Pemanahan  bisa ngasoraké Arya Penangsang. Carita kawiwitan naliko Ki Ageng Giring  kang jumeneng ana Gunung Kidul, sawijine wektu entuk wisik adikodrati naliko Ki Ageng lagi menek wit klopo njupuk legen kanggo gawe gulo. Ing papan kono ana sawijine wet kelapa kang ora tau metu wohe, cedak karo sing dipenek Ki Ageng. Wit klapa iku saklawase durung tau metu wohe, nanging rikala entuk wisik iku wit klapa wis ana wohe sanajan mung siji thil.
Wektu iku mung ana woh siji kang wus awujud degan. Ki Ageng lagi masang bumbung kanggo njupuk legen klapa, sakbanjure keprungu suwara. Ki Ageng Giring, mangertenana, sapa sing iso ngombe degan ikulan bisa ngentekaké saknaliko,mbesuk sak anak turune bakal dadi Raja Agung ing tanah Jawa," mangkono unine swara wisik iku.
Ki Ageng Giring  sakwise krungu suwara iku, sakbanjure mudun saka wit klapa sing dipenek. Sakwise nyelehaké bumbung legen kang wus kapenek, sakbanjure cepet-cepet menek wit klapa sing diweruhaké liwat wisik iku.Sakwisedi opek klapa kang degan iku Ki Ageng Giring  banjur mudun.
Nanging gandeng manut wisik degan kudu 'entekaké saknaliko', amarga Ki Ageng Giring wektu iku durung krasa ngelak banget, mula milih arep diombe naliko wektu wis awan lan panas. Ki Ageng Giring sidane menyang ing alas ndisik, karepe yen wis kesel degan iku bisa diombe kaping pisan entek.
Wektu iku Ki Ageng Giring lunga menyang alas pamrihe bisa ngelak banget lan bisa ngentekaké banyu degan iku, nalika ditinggal menyang alas, kancané kang asmane Ki Ageng Pemanahan rawuh ing daleme Ki Ageng Giring  niat lan tujuane ora dirembugaké kena apa kok menyang daleme Ki Ageng Giring, lan wis dadi kebiasaan menawa kekarone iku wis nganggep menawa nduwe karep apa baé yen ora bisa dirampungi dewe mesti njaluk direwangi utawa yen wis suwe ora kepetuk nduweni rasa kangen, ing rasa kekarone ora bisa pinisahaké, dadi ora mokal menawa Ki Ageng Pemanahan  sanadjan sing nduwe dalem ora ana bisa mlebu ing omah.
Ki Ageng Pemanahan wektu iku ngelak banget, sakbanjure nggoleki kendi banyu putih,  naliko lagi nggoleki kendi banyu putih ndelalah weruh gumletak klapa degan kang ana ing kono. sakwise weruh ana degan kang sumeleh ing omah iku, lan mangerteni yen iku degane Ki Ageng Giring, ngandel yen ora bakal bakal ana prekara, amarga deweé wong loro iku kanca rakét kaya kakang adi, mula banjur diombe nganti entek degan iku, mesti baéKi Ageng Pemanahan ora pirsa menawa iku degan adikodrati, kang bakal diombe dening Ki Ageng Giring, lan ditinggal menyang alas supaya bisa kesel lan ngelak, mesti baé yen ngetokaké kringet akéh lan kesel mesti bisa ngentekaké banyu degan iku.
Ki Ageng Giring naliko kundur saka alas mung bisa ngugun naliko pirsa banyu degan kang 'adikodrati' sing wus deweé unduh wus ora ana ing panggonane. Lan sabanjure pirsa menawa Ki Ageng Pemanahan kang ana kono ngakoni menawa slirane kang ngombe banyu degan iku.
Ki Ageng Giring sakwuse mireng pangandikane Ki Ageng Pamenahan rumangsa getun banget lan ngungun nggelani banyu degan kang kudune diunjuk iku kedisikan kanca kentele, sedih lan banget kuciwa. Suwe panjenengane kendel, jejere pawongan kang kagungan kaluwihan, mula enggal muwus lan pasrah marang Gusti menawa iku wus dadi kodrat, menawa iku wus takdire Gusti Kang Akarya Loka, Ki Ageng Pamenahan bakal nurunaké trah raja kang nguasani tanah Jawa. Ora ana padudon amarga degan iku diombe Ki Ageng Pamenahan, sanadjan kekarone pada nduweni rasa ora kepenak, getun banget. Kekarone bisa nampa kanti legawa, lan tetep biasa kaya ora ana kedadeyan kang sakjane iku pakarti kang kleru lan kudune ora ditindaaké, nanging gandeng iku uga wis dadi kebiasaan, kekarone nduwe panganggep yen omah iku ya rasane omahe dewe mula pada ora rumangsa salah nindaaké apa baé manut karep lan butuhe.
Ki Ageng Giring nduwe pamundut marang Ki Ageng Pamenahan, "Adi, panjalukku mangkene aku ngene baé gandeng banyu degan wus mbok unjuk, kepiye aku bisa njaluk maneh sanajan iku duwekku? Mbesuk keturunanmu gentenan lawan keturunanku: mudun sliramu sepisan, sak banjure ganti mudun gumanti aku".
Ki Pemanahan utawa Ki Ageng Mataram ora kersa. Penjaluke Ki Ageng Giring iku nganti kaping enem, Ki Ageng Mataram ijih durung kersa. Sakbanjure ganti Ki Ageng Giring njaluk turun kang kapitu. Ki Ageng Mataram ngendika, "Kakang,  Allahu'alam, piye apike mbesuk, aku ora ngerteni."


Saka carito ing nduwur iku dudu babagan rebutan banyu degan kang dirembug nanging prekara kekancan, antarane Ki Pemanahan  utawa Ki Ageng Mataram lan Ki Ageng Giring, wong loro kang wis suwe kekancan awit cilik nganti dewasa, malah sakarone nganti dadi priyagung tetep kekancan lan seduluran. Saka sejarah ing carito iku bener-bener kedadean dudu dongeng pancen bisa dijupuk intine carito yaiku kekancan kang apik iku gede mupangaté.
Ing kene uga ana kadadeyan kahanan kang ora apik sakjroning kekancan, lan uga kahanan kang apik, jejere titah iku uga ijeh nduwe luput, nduwe salah, mula perlu banget salah siji kudu ngalah. Langgeng lan orane kekancan iku amarga tumindak lan pakartine. Ing srawung kekancan bisa nduweni kanca wiwit cilik nganti sepuh tetep kekancan lan paseduluran, nanging uga bisa kadadeyan sakdurunge wujud kanca rakét, kanca cedak utawa kanca pleg malih bisa dadi mungsuh bebuyutan. Mesti baé kang dadi sabab iku salah siji nduwe luput kang ora bisa ditampa salah sijine kanca.
Bocah-bocah cilik kerep “satru”, “jothakan”, lan “eneng-enengan” amarga prekara sepele, kadadeyan memungsuhan kang kaya mangkene bisa mung sedina wis pulih anggone kekancan, sakbanjure wis pulih maneh, nanging ora anjalari pedhot anggone kekancan. Yen kadadeyan pedot kekancan luwih akéh yen kang “satru”, “jothakan”, “eneng-enengan” iku para taruna muda utawa wong kang wis dewasa. Malah bisa dadi mungsuh kang gede.
Menawa kedadeyan “satru”, “jothakan”, lan “eneng-enengan” dadi mungsuh. Mesti baé ndadekaké urip ing masarakat ora becik, ora tentrem, ora kepenak, saya maneh menawa nganti  dadi tukar padu sing buntute tumeka kadadeyan gelut paten-patenan, iki lakon kang nggegirisi. Mulane njaga budi pakarti urip ing bebrayan kudu dipremati, dijaga aja nganti bisa gawe sisip ing lakune panguripane.  
B.     Kanca Manut Para Misuwur lan Unen-Unen
Teges kekancan manut para misuwur lan unen-unen,  tembung kekancan akéh banget lan werna-werna surasane, kekancan nduwe teges yaiku;
Aristoteles, “kanca iku jiwa siji kang ana ing badan wadag loro”.
Franz Schobert, “wong kang wus nemoaké kanca sejati iku wong kang nemu kabagyan, lan wong kang nemoaké kanca sejati ana ing sawijine wanita kang dadi sisihane iku wong kang luwih nemu kabagyan”.
Confucius, “tidem premanem iku kanca sejati kang ora tau culiko”.
Ana unen-unen, “akéh banget wong teko lunga ing sak dawaning uripmu, nanging mung kanca sejati kang ninggal pangeling-eling ing uripmu”, banjur pawongan tanpa asma ngunekaké mangkene, “kanca sejati iku sedulur kembar kang Gusti lali wenehke marang sliramu”, ana ugo kang ngendika, “kanca sejati iku ibaraté barleyan, larang regane lan arang kang nduweni, suwalike kanca culiko iku kayadene gegodongan, kang tinemu ing ngendi papan”, ana ugo paribasan, “mung kanca sejati kang bisa muni raimu reget”. “kanca sejati iku ibarat tembok, kowe iso sendenan tembok iku, kowe ugo bisa nuliske kabéh isi atimu ana ing kono”. Ugo tetembungan “kabéh wong krungu apa kang mbok ucapaké, kanca biasa ngrungokaké apa kang mbok ucapaké, nanging kanca sejati ngrungaké apa kang ora mbok ucapaké ing tembung”. Kekancan ugo nduweni werdi “kanca sejati ora bakal kongkon mlumpat menyang kali, amarga ngerti yen deweé ora bisa nglangi nylametke awakmu saka ing pati
Frances Ward Weller, “kanca sejati bisa ngucapke tembung kang ora tau pengin mbok ucapaké”.
Leo Buscaglia, “siji kembang bisa dadi petamanan, siji kanca bisa dadi donyamu”.
Sare lan Kate, “kanca sejati iku kayadene nahkoda kang bisa nggawa prau reotmu ngliwati banyu nggegirisi ing uripmu kanti slamet ”.
Richelle Mead, “mung kanca sejati kang bisa ngayomi, saka panyerange mungsuh abadi”.
Walter Winchell, “kanca sejati iku wong kang teko rikala wong-wong liya lunga ing urip iki”.
Bernart Meltzer, “kanca sejati iku pawongan kang ngertine sliramu iku kaya endog kang apik senajan mangerteni menawa endog iku benthet sitik”.
Sandy Ratliff, “kanca sejati iku wong kang kerep ora gathuk marang pamawasmu, nanging tetep nganggep kanca, amarga yen ora iku dudu kanca sejati”.
Arnorld H Glassgow, “kanca sejati iku kang gelem ngguyu sanadjan ngerti yen leluconmu iku ora nyenengaké, lan gelem ngewangi ngrampungke bot rentenging uripmu sanadjan mung sepele”.
Plutarch, “aku ora mbutuhaké kanca obah naliko aku obah, kanca kang manthuk naliko aku manthuk, yen mung ngono iku wewayanganku iso nindaaké luwih apik”.
Oscar Wilde, “kanca sejati iku pawongan kang nyuduk sliramu saka ing ngarep”. (Zeniar Badriah.2013).
Media sosial kang dadi papan kanggo golek kanca uga kerep disebutaké apa iku tegese kekancan, lan miturut teges kanca manut warga/members ing Facebook GroupPakumpulan Sambung Rasa Java Suriname Indonesia (SRJSI) uga nduwe maneka warna panyebutan teges kanca yaiku;
Sigit Prasetyo, “kanca iku ateges mitra utawa pawongan sing iso diajak mlaku bareng, mlaku bareng iki werna-werna tingkatane, yen mlaku bareng mung sakderma ya kanca biasa, kanca kelet ya jeneng kelet yen ana kana ya ana kene, kanca rakét ora mesti bebarengan terus, ning yen ketemu nyambung rasane kepenak, kanca sejati wong sing ora kengguh, senadjan sijine pas susah pas seneng tetepbaégelem diajak bebarengan. Yen kanca palsu menawa yen pas senengbaémara, yen pas dirasa nguntungaké gelem diajak mlaku bareng ning yen lagi susah mlayu sipat kuping samar yen disambati”.
Kalih Wrehatnalla, “sami mad-sinamadan, mboten perlu alergi suku, ras, agama, mboten perlu dibatesi status sosial, intine kekancan kudu ngerti aten-atene kanca”.
Umami Siti, “kanca ana macem-macem, kanca turu wis diiket akad nikah diarani bojo, kanca sing dudu sedulur kandung nanging yen awaké dewe nemu masalah, kesusahan, kerepotan, kuwi jenenge sahabat, kanca pleg kanca rakét pada wae, wong sing paling cedak karo awaké dewe dudu sedulur, pacar lan pacangan, wong sing diajak susah seneng tanpo pamrih apa-apa”.
 Kristiyana Madyaningsih, “pribadi-pribadi sing nduwe kekarepan pada iku kanca, kanca ora pilih kasih, ora mbedaaké status menawa ngaku kanca, kanca iku sekedar penggembira/ melu nyenengke kahanan, sahabat utawa kanca cedak kudu dipilih, kanca cedak kaya bojo, kanca bisa ngerti kanti apik, nanging awaké dewe durung ngerti sejatine deweé iku kepiye, amarga také and gives tipis, kanca cedak na njroning ati luwih duwur tinimbang karo sedulur kandung, sambungan emosi luwih cedak banget, mula wirange deweké ya wirange awaké dewe, milih kanca cedak ora gumantung status banda, nanging ati sing pada, kanca kaya bojo, amarga kanca iku papane kang kinurmatan lan kudu diajeni semana uga kanca entuk papan sing pada, kanca mung pengin seneng yen kanca cedak iku susah seneng pada dirasakaké bareng ”.
Wisanggeni Nggugat, “kanca sing apik yaiku kanca sing atine resik
Wong Kam Fung, “jumbuh kalian budayane tiyang jawi, kekancan punika saget nyenengke, ngelingaké, mboten gadah watak, adigang, adigung, adiguna,
Ndhuktie, “kanca ya teman, sahabat, kanca cerak, kanca cakét iku ya kanca pleg
Ratna Setyaning Ratri, “kanca iku wong kang tansah ana ing susah lan seneng
John Pandonger, “kanca panci satu interesting, tansah ndamel antusiasme khusus, wonten raos bingah skeptik, harap-harap cemas ning ngangeni, kanca palsu alias sawer oportunis, real friend just found in pain, not in hura-hura, two faké happinnes, kanca wingking iku kang seger wangi kang njalari urip krasa mak sherrrrr ”.
Drs Eko Isrianto, “kanca yen apik iku kaya sedulur, akéh-akéhe kanca iku malah jlomprongaké, srah-sruh kembang suruh modhar ora weruh, ugo di kala kita jaya mendekat, nyemanak, dikala kita jatuh menjauh, ... ojo grusa-grusu dipikir sing mateng,... kanca gelem njawil nanging ora gelem dijawil diedohi wae. Kanca wingking iku bojo, seiring sejalan ora oleh entuk menange dewe, garwo halusinasi kanca wingking, bojo ana ngarep bojo ngetutna ana mburi ana ing sambubarang”.
Slamet Widodo, “kanca iku wong dudu sedulur sing dikenal langsung, lan ora langsung (korespondensi), surat menyurat, alam maya, ngerti jenenge, lan bab liyane kayata panggonane, pagaweyane lan sak panunggalane, lan tansah sesambugan tansah kabar kinabaran sakperlune”.
Raymond H Kasijo, “think is my inspiration, kanca iku THINK ;
T   = true, tulisan utawa omongan iso dipercaya,
H = helpful, tulisan utawa omongan migunani,
I    =  inspiring, tulisan utawa omongan iso nggo inspirasi,
N = necessary, tulisan utawa omongan penting,
K = kind, tulisan utawa omongan iso gawe rukun,
Iki inspirasiku 100% yen iso dadi kanca apik, yen kanca ana salah, ana kang bisa mbeneraké vica versa saka kanca, yen kurang kanca kuwi diaturi nek ana sing kurang, ora manut di culke, ugo tingkah polah tinimbang bisa gawe think”.
Hani Ardianto, “kanca yaiku wong sing iso diajak rembugan bareng, ora tau ngajak sulaya, kanca sejati iku ora ndelok kahanan isih susah apa seneng tetep gelem diajak bebrayan, ora ngilang”.
Nugroho NugNug Wing, “kanca iku kaya sedulur, dadi sirah dadi tangan, dadi ati, kadangkolo dadi sikil, iku kanca cedak, bestfriend, iso nyek-nyekan, lan kampleng-kamplengan tanpa nesu lan milara iku kanca, ngomongke awaké dewe apik éléke awaké dewe jujur njaba njero, tulus, seneng melu ngguyu sedih melu nangis
Yuli N Anto Bersatu, “kanca srawung iku pawongan dudu sedulur kandung, kanca rakét sing gelem ngerti seneng susahe kanca, kanca kelet kanca sing gelem bareng-bareng susah seneng ala lan becike, kanca pleg tegese kanca cerak banget tanpa hubungan resmi, kanca wingking yen jaman mbiyen iso diarani bojo jaman saiki iku pembantu”.
Chris Andriyan Saputra, “”
C.     Werna-werna kekancan
1.    Kanca rakét
Tembung rakét iso sinebut cakét/cedak, dadi teges kanca rakét ora mesti bebarengan terus, ning yen ketemu nyambung rasane kepenak. Yen rembugan apabaétibane esem ngguyu, kanca rakét bisa diajak gegojekan, bisa diajak ngguwak wektu, lan ing kalodangan mirunggan bisa diajak dolan bareng-bareng menyang paran kang dianggep nduwe kenangan.
Biasane karo kanca-kancané sing rakét bocah-bocah cilik pada dolanan, gegojekan, bocah enom biasane kanca rakét kanggo ngudari ruwet kayadene basanepara kanoman sinebut “teman curhat”, ngetoke uneg-uneg babagan apabaé wujudebisa prekara cilik nganti prekara gede. Beda yen wis sepuh biasane kanca iku diajak rembugan babagan prekara kang wadi lan wigati, kang perlu entuk dalan ngudari reruwet utawa ngrampungaké prekara kang kudu dirampungaké nanging ora bisa dewe, kudu butuh pambiyantu, tuladane prekara jejodoane anak turune, prekara galang omah, prekara tangga-teparo kang mbutuhke pambiyantu lan sakpanunggalane.
2.    Kanca cedak
Wong sing ora kengguh, senajan sijine pas susah pas seneng tetep baé gelem diajak bebarengan. Kanca iku akéh cacahe, jenise lan uga wataké, angger gelem srawung mesti entuk kanca, nanging ora kabéh kanca srawung bisa didadekaké kanca cedak. Kanca cedak ing kene ora amarga cedak papan dununge nanging cedak ing ati, cedak ing rasa, cedak ing pamikiran kango ngadepi samubarang prekara.
Kanca cedak mangerteni kabéh abang ijone kahanane kanca, kaluwihan lan kekurangane kanca mesti dimangerteni kabéh, wewadi utawa tabu, lan pawarta apabaékang bisa mirangaké wis dimangerteni, mula biasane ora angger kanca bisa dadi kanca cedak. Ana pawongan kang bisa nduwe akéh kanca cedak suwalike ana kang nganti tutup yuswa ora nduwe kanca cedak. Iku gumantung wataké pawongan iku dewe. Bisa percaya lan bisa dipercaya iku dasar nduwe kanca cedak.
3.    Kanca kelet/pleg
Kanca kelet ya jeneng kelet yen ana kana ya ana kene, tememplek kaya lem, kanca kelet biasane ngedegaké group. Arane group werna-werna manut kasenengan kang pada tuladane group berby, amarga pada seneng bonekah berby, group rossy, amarga pada seneng nonton balapan moto GP, group Beckam, amarga seneng nonton bal-balan, lan sak panunggalane.
Kekancan model iki ugo ana éléké upamane salah sijine group iku ana sing pada jenenge, pada kekaremané, utawa pada bocah sakpantarane, bisa ndadekaké cecongrahan, rumangsa pakumpulane diasorké karo pakumpulan liane, mulo bisa ana kedaden kang ora apik, gelut keroyokan lan sakpanunggalane.
Malahan ana ugo bocah sing ora melu amarga bisa uga ora entuk mlebu utawa ora gelem mlebu group iku mau, banjur bocah iku di rusiya, bisa dipilara, bisa dienyék tembung liane jenenge di “bully”.
4.    Kanca wingking
Tembung “kanca wingking” iku sejatine tetembungan kanggo ngarani wong wadon kang dadi bojone, iki lantaran ing jaman ndisik biasane wong wadon iku manggon ing mburi ana pawon yen ana tamu utawa ing pakumpulan. Kakunge sing dadi pangarsa ing kulawarga nduwe hak lan kuwajiban ngurusi kabéhsamubarang kang ana ing omahe dene wong wadon kang dadi sisihane kuwajibane mung ngurus pangan lan ngopeni anak turune mula tembung kanca wingking digunaaké.
Ing jaman mardika lan wis ana “kesamaan gender” hak lan kuwajiban wong lanang lan wong wadon wis pada sederajat ora ana bedane. Kabéh nduwe hak lan kuwajiban pada, tembung kanca wingking wis ora pantes yen digunaaké.
Wong kang jejodowan mestibaénduweni pangimpen nduweni bojo kang bisa nuwuhaké kabagyan lahir lan batin. Yen di deleng saka pakartine garwa ana pitu golongané bojo kang ana ing jagat iki, apabaéjenise pitu iku? Kang sepisan bojogawe pati, bojo kaya durjana, bojo kaya panguwasa, bojo kaya ibu, bojo kaya sedulur wedok, bojo kaya kanca, lan bojo kaya batur.
Bojo kayadene gawe pati, yen kanti pikiran ora seneng, serik, adem, lan kejem, kanti nepsu nduwe pepinginan wong lanang liya, ngremehaké garwane, kang kepengin mateni wong kang wus menehi asok tukon, bojo kang kaya ngene iki disebut bojo gawe pati.
Bojo kayadene durjana, naliko bojone oleh banda, kanti kepinterane dagang utawa pakaryan liyane, deweé nduwe kekarepan njupuk sitik kanggo kasenengane dewe, bojo kaya ngene iki disebut bojo durjana.   
Bojo kayadene panguwasa, rakus lan keset, seneng nganggur, kasar, kejem, ucapane saru, wong wadon kang sawenang-wenang marang garwane, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo panguwasa.    
Bojo kayadene Ibu, bojo kang tansah mbiyantu kakunge kani apik, ngayomi bojone, kayadene ibu marang putrane, kanti pangati-ati njaga bandane kulawarga, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo Ibu.
Bojo kayadene sedulur wedok, bojo kang ngajeni kakunge, kayadene adi kang ngajeni sedulur tuwa, kanti rasa kormat ngajeni garwane, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo sedulur wedok.
Bojo kayadene kanca, bojo kang rumangsa bombong lan  seneng weruh garwane, prasasat kaya ketemu kanca lawas, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo kanca.
Bojo kayadene Batur, bojo kang ora tau muring-muring, ora wedi paukuman, sing sabar maranng garwane tanpa nduwe rasa serik, kanti lembah manah manut kabéh panjaluke garwa, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo batur.
Jenise bojo kang iki sinebut gawe pati, durjana, panguwasa, bojo-bojo kaya iki, naliko badan wadag iki wus sirna, bakal kecemplung ing neroko kang paling jero,
nanging,
Bojo kayadene ibu, sedulur wedok, kanca, lan batur, kang mantep ing pakarti becik, tansah njaga pakarti becik, naliko badan wadag iki wus sirna bakal mlebu ing swargo loka.
(Anguttara Nikaya 7:59: IV 91-94)
Ana lima cara wong kakung nindaaké kuwajiban marang sisihane yaiku; ngajeni ora ngasoraké, setya tuhu marang garwane ora noleh wong wadon liya, menehi kuasa ing kulawarga, lan menehi sandang penganggo.
Ana lima cara wong wadon kang di ajeni, ditresnani, diwenehi kuasa, lan diwenehi sandangan lan penganggo yaiku; nindaaké pakaryan kang dadi kuwajibane kanti bener, nduwe sikap lan pakarti apik marang kanca rowang, setya tuhu ora sedeng, njaga simpenan banda kanti tliti, trampil ngopeni samubarang kang ana ngomahkabéh kang kudu disamektaaké.          
D.    Jenis kekancan
1.     Kanca sejati
Ana papat wernané kanca sejati yaiku, seneng mbiyantu, kanca kang pada nalika seneng lan susah, kanca kang nuduhaké bebener, lan kanca kang nuduhaké rasa seneng meruhi lan ngerteni kabagyan.
  Kanca kang seneng menehi pambiyantu bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé njaga sliramu naliko awakmu ora waspada, kapindo, deweé njaga bandamu nalika sliramu ora waspada, kaping telu, deweé ngayomi naliko sliramu kaweden, kaping papat, naliko pakaryan wus rampung, deweémenehaké samubarang tikel pindo saka panjalukmu.
Kanca kang pada nalika seneng lan susahmu, bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé menehi ngerti kabéhwadine marang sliramu, kapindo deweé njaga wadimu, katelu, deweéora bakal ngenengaké naliko ngerti sliramu nampa panandang, kaping papat, deweé ikhlas ngorbanaké jiwa ragane kanggo nylametaké sliramu. 
Kanca kang nuduhaké bebener marang sliramu, bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé ngelingaké lan menging sliramu nindaaké tumindak luput lan dursilo, kapindo, deweé sarujuk lan mbiyantu sliramu nindaaké pakarti bener lan apik, kaping telu, deweé menehi ngerti marang sliramu apa kang durung mbok mangerteni, lan kaping papat, deweé nuduhaké marang sliramu dalan menyang suwargo loka.
Kanca kang nuduhaké rasa seneng meruhi lan ngerteni kabagyanmu bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé ora seneng nalika sliramu nampa panandang kasangsaran, kapindo, deweé seneng ngerteni sliramu nampa kamulyan lan kabagyan, kaping telu, deweéngelingaké lan ngendeg wong-wong kang ngélék-élék sliramu, lan kaping papat, deweé bakal ngélék-élék wong kang ngalemtumindakmu kang ora dinalar iku pakarti bener utawa luput. Iku mau papat ciri-ciri kanca sejati, para wicaksana ngunandika;
”Kanca kang seneng paring pambiyantu lan,
kanca kang ana ing wektu seneng lan susah,
kanca kang nuduhke dalan bebener,
kanca kang seneng weruh kamulyanmu, kasenenganmu
patang prekara ikidingerteni para wasis lan wicaksana,
kudu di puji lan diajeniana ati lan pikiranmu, ibaraté ibu marang anaké kang banget ditresnani lan digemateni”
Sang Wicaksana kang wasis lan mumpuni,
sumunar kadya mercusuar,
deweénglumpukaké banda kaya tawon,nglumpukaké madu,
bandane mundak saya ngrembaka,
kadya omah semut saya suwe saya duwur,
lumantar banda kang wus nglumpuk iku,
para hartawan bisa paring pambiyantu kanggo kabagyane wong akéh.
Deweé kudu ngedum bandane dadi papat bagean
iki gede mupangaté,
sebagian oleh di enggo sak senenge,
rong bagian kudu dienggo kanggo pagaweane
seprapat bagian kudu disinggahna naliko dibutuhaké.
2.     Kanca culiko
Sapa kang diarani kanca kang culika iku?, kanca kang culika yaiku kanca; siji seneng main dadu, kertu lan adu kewan, saya nista yen seneng adu manungsa, kanggo toh-tohan manungsa dienggo dolanan, loro wong rakus, wong seneng wuru, wong kang ora jujur lan wong-wong kang ugo ora jujur sakliyane iku uga wong kang senenge mupangatke wong liya kang didadekakékancané.
Ana werna papat kanca kang nyamudana bisa sinebut mungsuh, sepisan wong njupuk kabéh, kapindo wong kang akéh omongané, kaping telu wong kang seneng ngalem, kaping papat wong kang ngajak seneng-seneng ngentekaké banda.
Wong kang njupuk kabéh bisa sinebut musuh kang etok-etok dadi kanca kanti papat sabab; sepisan deweké njupuk kabéh, kapindo njupuk akéh ngetoaké sithik, katelu apa kang ditindaaké amarga wedi, kaping papat deweénindaaké samubarang kanggo golek senenge dewe tanpa mikiraké butuhe liyan.
Wong kang akéh omongané bisa diarani mungsuh kang nyamudana dadi kanca kanti papat sabab; sepisan, deweé seneng ngomong prekara mbiyen ndisik kang wis kawuri lan mbesuk, kapindo deweé ngomongaké rembung kothong babagan kawelasan, katelu naliko kudu nindaaké apa kang diucapaké, kaping papat deweé ora nindaaké kanti maneka warna alesan.
Wong kang seneng ngalem bisa sinebut mungsuh kang nyamudana dadi kanca kanti papat sabab; kapisan matuk tumindak ora bener, kapindo ora gelem tumindak apik, katelu ngalem ana ngarepmu, kaping papat ngélék-élék ana ing mburimu.
     Wong kang seneng poya-poya bisa sinebut mungsuh kang nyamudana dadi kanca kanti papat sabab; sepisan, deweé ngancani nalika sliramu ngombe inuman kang nyababaké wuru, kapindo nalika mlaku sakparan-paran ing tengah wengi, kaping telu, nalika sliramu nonton ing tontonan, kaping papat, nalika sliramu lagi judi main.
“Kanca kang nggolek apa kang kudu dijupuk, kanca kang ngucapaké rembung kothong tanpa isi, kanca kang mung ngalem awakmu, kanca kang ngancani poya-poya, papat werna kanca iku sejatine mungsuh kang sakbeneré dudu kanca kang patut dadi kancamu, para wicaksana mangerteni iki, kudu disingkiri, kaya dalan kang nggegirisi. (Digha Nikaya.III.187) 

“Kanca kang golek apa butuhe dewe,
kanca kang nggedebus, drowos ngendikane,
kanca kang mung bisa ngalembana sliramu,
kanca kang ngancani awakmu poya-poya,
papat iki musuh sakbeneré, dudu kanca sejati.
para wicaksana mengerteni iki, wong kaya mangkene kudu disingkiri kaya dalan rumpil kang nggegirisi.”

3.     Papat prekara kudu disingkiri
 Kanca kang patut disingkiri yaiku kang mahanani papat kahanan kang dadi sabab sawijine pakarti dursila yaiku, tumindak nista saka pepinginan kadonyan, tumindak nista saka drengki, srei, tumindak nista saka cubluking nalar budi. Sapabaékang tumindak adesasar pepenginan marang kadonyan, rasa serik, lan cubluk ing nalar lan budi, tuwuh saka kaweden, mula nindaaké pakarti nista, kang disababaké saka salah siji saka patang prakara minangka sabab iku.
Ana enem sabab cara ngentekaké banda kang ora patut lan ora apik ditiru yaiku; ketagihan inuman lan obat-obatan kang bisa gawe mendem sarta pengrusak kesadaran, cara sepisan ngentekaké banda, kapindo lunga kluyuran wayah wengi ana ndalan, kaping telu lunga menyang papan hiburan kaya cafe, bar lan diskotik, kaping papat seneng main kertu, dadu, adu-adu kewan lan manungsa, kaping lima srawung karo wong dursila, lan kaping enem keset, wegah makaryo.
Ana enem bebaya karem inuman gawe mendem lan obat-obat kang marakaké wuru, sepisan nyababakémudun kesadarane, loro ngentekaké duwit sing wis ana, telu marai congrah, papat marai lelara, lima kélangan jeneng apik, enem mbukak wadi lan kélangan pangenget.
Ana enem bebaya lunga kluyuran wayah wengi ana ndalan, sepisan ora bisa njaga awaké lan oleh pangayoman, loro anak bojo ora di ayomi, telu bandane ora di awasi, papat bisa didakwa nindaaké pakarti dursila, lima bisa dadi sasaran laporan palsu, lan enem bakal ngalami kabéh kahanan kang ora nyenengaké. 
Ana enem bebaya lunga menyang papan hiburan kaya cafe, bar lan diskotik, wong kang seneng bakal nduwe pikiran, sepisan “ngendi ana jejogetan ”, loro “ngendi ana tetembangan” telu “ngendi ana sing ngunekaké alat musik” papat “ngendi ana dongengan lan carito” lima “ngendi ana keplokan lan surak-surakan” lan enem “ngendi ana pengumuman bakal nganakaké hiburan”.
Ana enem bebaya seneng main kertu, dadu adu-adu kewan lan manungsa, sepisan sing menang oleh mungsuh, loro sing kalah nggelani bandane, telu ngilangaké bandane sing wis ana saiki, papat rembug caturan ora bakal di percaya ana ing pangadilan, lima diremehaké kanca lan sobatané lan enem orang ana wong gelem nikah karo deweé  wong seneng main ora bakal kuwat ngopeni anak bojone.   
Ana enem bebaya keset, wegah makaryo, wong ngono iku ing pikirane biasane mikir kaya ngene; sepisan mikir “adem banget” terus ora nyambut gawe, loro mikir “panas banget” terus ora nyambut gawe, telu mikir "ijeh kesuken" terus ora nyambut gawe, papat mikir “wes kawananen” terus ora nyambut gawe, lima mikir “aku luwe banget” terus ora nyambut gawe lan enem mikir “aku wareg banget” terus ora nyambut gawe. Kaya ngono iku alesane wong keset ora gelem makarya. Banda kang wis ana ora diijoli kanti lantaran makarya, saya suwe saya entek banjur ora nduwe apa-apa. Wong kang kesed nyambutgawe sakliyane susah awaké dewe uga bisa nyusahaké wong liya.
E.     Kabecikan Kanca Sejati
Sakwise mangerteni kanca sejati lan kanca kang culiko. Sakbanjure kudu mangerteni mupangaté nduwe kanca sejati. Kanca bisa dijenengke kanca sejati yen nduweni tandha-tandha kang cacahe ana pitu yaiku;
1.    Priya
Kanca sing pangandikane alus, bisa nentremaké ati, nduweni rasa tresna asih, gawe kahanan nyenengaké.
Kanca jenis iki disebut “priya”, thithikane yen ngendika alus nengsemaké, ora kersa ngendika sora ambrebegi karna, ulate padhang, mesem nggawe seneng kabéh pawongan kang keprungu pangandikane, solah bawa tandhang tanduk, muna-muni becik tansah mulat salira hangrasawani, ngajeni marang sapa baé kang dadi kanca rowange, kanti tresna asih kersa sabiyantu sapa baé kang kudu oleh pitulungan.
Biasane kakung utawa putri iki anduweni prabawa kang gede, najan pangandikane datan nate medotke gurung, nanging bisa agawe swasana kang petheng dadi sumunar amarga esem guyu kang keprungu, swasana “romantis” bisa kacipta ing kahanan kang kayamangkene iki. 

2.    Dwija
Kanca kang bisa diajeni amarga tumindaké nduweni budi pekerti luhur, ing sesrawungan nuwuhke rasa aman lan tentrem.
Dwija tegese guru, patrap lan lakune nduwe pangaribawa kang gede. Asring aweh pitutur kang becik, meruhaké dalan kabecikan, paring wuruk marang kanca sobatane, kepiye nglakoni urip kang bener, pener lan pinter.
Prekara kang diadepi kancané didadani, diayomi, ora gigrig sanadjan yen lena bisa teka ing pati. Wong kang nduweni kanca kangmangkene iki uripe rumangsa diayomi, rasa aman tansah sinuyudan rina lan ratri, bisa njumbuhaké tentreming ati.
3.    Bhāvanija
Kanca sing bisa nukulaké kemajuan batin, utawa kanca bisa mulang-wuruk marang kawicaksanan.
Urip iku pancen angel, ruwet lan akéh prekara-prekara kang bisa marakaké thukul hardaning kanepson. Pakarti nista tuladane tumindak nganiaya lan gawe pepati, njupuk barang kang dudu duweké, nindaaké sanggama nista, ucap dora, ucap pitenah, ucap kasar lan nglarani, ucap drowos kothong mlompong, mangan lan ngombe barang kang nyababaké mudune kasadarane pancandriya iki kang sinebut pakarti nista.
Tetembungan “ora bisa ngilo githoke dewe”, tegese wong pawongan iku akéh kang ora bisa ngerti manawa pakarti kang ditindaaké iku nista, malah ana pakarti nista iku dadi pakareman, tumindak kang diuja-uja, uripe mung golek senenge dewe. Iku mau bisa dumadi menawa ora gelem ngintrospeksi awaké dewe.
Nduwe kanca kang bisa nuduhaké thukule kemajuan batin, utawa kanca kang bisa mulang-wuruk marang kawicaksanan iku sawijine kamulyan agung. Kanca bhāvanija ora seneng weruh kancanénindaaké tumindak luput. Kanti rasa tresna asihe kancané dikandhani, diajari, diwulang piye bisa dadi manungsa utama, manungsa kang bisa nindaaké pakarti tumuju marang kabecikan.    
4.    Vaktŗ Ca
Kanca sing pinter wicara ing babagan prekara apik, bisa menehi ngerti, ngajari bisa urip kang becik, bisa didadekaké kanca rembugan lan menehi dalan ngrampungaké prekara.
Kanca vaktŗ ca,kanca kang mangkene bisa agawe swasana peteng dadi padang, swasana sepi dadi rame, kahanan dadi ceria kanti tekane kanca jenis iki. Deweé bisa ndagel guyon kanggo nyenengaké kanca-kancane. Kanca iki bisa diajak rembugan kang wigati apadene rembugan mung guyonan, bisa swasana kang tintrim saknaliko malih dadi ger-geran rame pada ngguyu amargo pacelatone iku kang lucu agawe guyu, suwalike uga bisa rembugan sepele guyon saknalika dadi pada meneng mirengake pangandikane nalika ana bab-bab kang wigati lan kanca-kancane kudu ngerti.
5.    Vacaskşama 
Kanca sing sabar yen mirengaké rembugane kanca, ora rumangsa kesel lan jengkel ngrungokaké ocehane kanca, bisa diajak diskusi ijol pamawas (tukar pendapat), apik lan nyenengaké.
Kanca vacaskşama, kanca iki kena di arani “pendengar yang baik”, kanca papane “curhat”, yen ana kanca kang teka nangis ngetokaké kabeh reruweting pikir dimirengaké nganti leren anggone nangis, yen ana kanca kang crita kanti ulat mbrabak abang mangar-mangar swarane banter kether, ngetokaké amarahé, tetep dimirengaké sakbanjure diedem-edemi penggalihe kancane iku mau supaya sabar lan ora nggedekaké emosine.
Yen wis rampung kabeh uneg-uneg kang di suntak kancane iku rampung lagi kersa ngendika kang gawe adem, nyenengaké lan gawe marem kancane iku lan rumangsa apa kang diucapaké iku mau ora disalahaké saknalika nanging diwenehi dalan kanggo ngrampungaké prekara kang nggubel kancane iku mau. Mulane kanca iki di arani “pendengar yang baik”, kanca “curhat”.
6.    Gambirañca Kathaṃ Kaṛtr
Kanca sing bisa menehi pepadhang, ngrampungaké prekara-prekara sing angel lan rumpil, bisa njelasaké pitakon-pitakonan angel jawabé, nuwuhaké rasa marem kanggo sing nduwe pitakonan, meruhaké dalan kanggo ngrampungaké prekara-prekara sing dadi pitakonan iku.
Kanca gambirañca kathaṃ kaṛtr,kanca iki bisa nyauri pitakonan kang posible and imposible, babagan kang bisa di nalar lan ora bisa di nalar kanti jawaban kang bisa diendel lan di precaya amarga bisa dinalar kanti pikiran waras. Tuladane ing jagat iki ana maneka warna kahanan kang ora pada kayadene; “wong kang nasib apik lan wong kang nasib ala, wong kang nduwe pangaribawa gede lan wong kang asor drajade, wong kang kinurmatan, diajeni sakenggon-enggon lan wong kang disepeleaké ora kajen babar blas, pungkasan wong kang uripe nemu bagya mulya lan wong kang uripe tansah kebak ing panandang”.
Wong kang mursid ing batine sing bisa njlentrehaké kahanan iki, ora mung gaco nyauri pitakon iku kanggo nyenengaké wong kang nduwe pitakonan, ora nduwe pikiran kanggo njlomprongaké lan nduwe pangerten kleru ing urip. Amarga wong ngene iki pirsa kanti bener kayangapa gedene Panguwasane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora di jawab migunaaké pangerten kang luput, iki jenenge kanca kang kagungan gambirañca kathaṃ kaṛtr.
7.    No Caṭṭhane Niyojᾱye
Kanca sing bakal nuduhakéendi dalan peteng lan kliru, kang bisa nyilakani wong liyo.
Kanca no caṭṭhane niyojᾱye, pirsa angger-anggeré bebener, angger-angger kadonyan lan angger-anggeréGusti Kang Murbeng Dumadi. Angger-angger iku aturan kang kudu ditindaaké, ora kena di langgar, amarga yen di langgar bakal pikoleh paukuman bisa saka negara bisa uga saka kang Gawe Urip.
Angger-angger kang digawe dening negara yen dilanggar bisa diukum lan dikunjara, nanging yen bisa nduwe alesan lan bisa mlayu saka kunjara isih bisa slamet, nanging angger-anggeré kang Gawe Urip, manungsa lan kabeh jalma ora bisa uwal saka paukuman, arepa ndelik ing sakjrone leng semut pisan tetep bakal nampa paukuman kang adil, sakadil-adile ora sisip sak gluguting kolang-kaling.
Bener gaweyane manungsa isih bisa dienyang, disingkiri, lan dilanggar kanti tanpa nampa paukuman yen kang nindaake bisa mbudidaya, nanging bener Kagungane Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ora dipengaruhi papan panggonan, ora dipengaruhi wektu mbiyen saiki apa mbesuk, ora dipengaruhi kahanan adem panas, nyenengke utawa ora nyenengke. Kabeh lumaku kanti adil ora mbedaaké siji-sijine jalma, mbuh iku jalma manungsa, kewan, titah alus lan kabeh titah nampa kang  ditindakaké.

Kanca no caṭṭhane niyojᾱye, pirsa angger-anggeré bebener, mula nuli menehi ngerti kabeh kanca-kancané. Mbudidaya supaya kabeh kancané pada nemu slamet beja lan nemu ing kabagyan, aja nganti ana kang nandang cintraka lahir lan batine. Iki jejeré kanca kang becik, apik lan patut nampa ing pakurmatan, kanca kang wajib diajeni, disengkuyung, aja nganti di serik gething, aja nganti dimungsuhi.

KEMBALI ....

Chat

CHATT