KEKANCAN
PAMBUKA
Manungsa nduweni watak sosial, manungsa mesti nduwe karep
sesrawungan marang liyane. Mesti bae kepengin ngerti kahanan kiwo tengene,
luwih gede kepengin mangerteni kahanan ing pribadine dewe, rasa pengin ngerti
iki kang nyababake manungsa perlu srawung.
Urip
bebrayan ing masarakat, wong kang ora tau srawung wong
liya, mesti bae bakal sumingkir saka masarakat lan kesingkir. Tibane bakal
agawe owahing pikir samsaya gede bakal ndadekake emeng ing pikir, tembung liya di arani depresi. Manut
pangandikane Dr. Everett Kleinjan srawung iku wes dadi bageane urip kang asipat
langgeng kaya dene wetune napas, pengin urip mula perlu srawung.
Akeh para misuwur nganggep menawa srawung iku sawijining
butuhing urip kang asipat pandom utawa arahing urip. Profesor Wilbur Schramm mratelakake
menawa sesrawungan lan masarakat iku tembung
loro kang tan bisa pinisah saka siji lan
sijine, amarga kanti srawung iku masyarakat bisa dumadi, mula anane masarakat
iku kawiwitan saka srawunge pawongan siji lan sijine. Apa kang amiwiti
pasrawungan iku ana loro bab yaiku kanggo langgenging urip lan gawe larasing
urip sesrawungan ing sawijining laladan papan panggonan. (Schramm,1982)
Sifat sosial kang dadi cirine manungsa iku mbutuhke
sesrawungan, tanpa nduwe srawung urip jagat iki kaya sepi, saben ndina manungsa
mbutuhke wong liya mbuh kanggo urusan kang wigati apa mung kanggo gegojekan,
guyon lan sak panunggalane, para misuwur akeh banget kagungan penemu babagan
srawung iku. Harold D. Lasswell milah-milahake babagan srawung dadi telung prekara sesrawungan kang
dadi dasaring sabab, kena apa manungsa iku perlu srawung.
Sepisan, karep manungsa kanggo ngawat-awati lan njaga papan
panggonane, kanti srawung karo wong-wong kang manggon ing panggonan pada, bisa
migunani kanggo njupuk mupangat, ngopeni, lan nyingkirke kahanan kang mbebayani
tumrap jiwa lan ragane. Kanti srawung manungsa bisa ngerteni kahanan kang
dumadi ing papan panggonane, lumantar srawung manungsa bisa ngangsu kawruh lan
nambahi kapinterane, katrampilane, nduwe srawungbisa sinau samubarang, mesti
bae kanti sinau saka pengalamaning urip utawa kanti nampa pawarta kang tinampa
lumantar sesrawungan iku mau.
Kapindo, manungsa ngupaya bisa tinampa kanti becik apik ing
papan panggonane, sejatine manungsa iku bisa ketampa ing laladan papan
panggonane yen bisa ngerteni kahanan ing papan panggonane, mula pangupaya
mengerteni lan nampa kabeh kahanan kang ana ing papan panggonane iku kang dadi
dasar bisa nduwe srawung. Bisa nampa tegese tanggap sasmito menawa ana kahanan
kang mbebayani tumrap diri pribadi lan tangga teparone, kaya dene rikala ana
bebaya banjir bandang, lindu, gunung njeblug, lan mangsa kang mahanani
pakartine manungsa ngalami owah gingsir, nanging sak liyane iku ugo kahanan
papan panggonane iku sawijine tantangan, ing urip kang kaya mangkene iki
manungsa kudu bisa mad-sinamadan ngerteni kahanan tangga teparone,pawongan kudu
rukun lan tetulung tumrap sabangsane nora cetil methithil, gelem nampa nanging
ora gelem menehi, saengga bisa tinampa masarakat ing papan panggonane kanti
guyup rukun mahanani tentreming ati lan pikirane kabeh para warga.
Katelu, transformasi,
yaiku sesrawungan apik kang wus lumaku bisa nerusake dene anak turune, amarga lumantar sesrawungan kang apik
iku bisa mahanani tentreming urip lan bisa nerusna garis keturunan iku mau.
Mesti bae saben tatanan iku ngalami owah-owahan amarga kesaru dening kahanan
jaman kang beda, nanging pangupaya nerusna tradisi sesrawugan kang apik iku
mesti katindakna supaya bisa langgeng kahanan ayem tentrem sumulur tumeka anak
putu.
Saka katrangan ing nduwur trawaca menawa sesrawungan iku
ora kena dipisahake ing bebrayan urip ing masarakat. Profesor David K Berlo
saka Michigan State University nyebutna kanti ringkes menawa srawung iku gaman
kang kanggo urip bebrayan ing masarakat, srawung kanggo mangerteni watakke
liyan, lan ugo kanggo mangerteni kahanan kang di alami diri pribadi kanggo
rumakete sesrawugan ing masarakat (Byrnes, 1965).
Pungkasane trawaca sesrawungan tan kena pinisahna kalawan
uriping janma manungsa. Mbuh iku manungsa minangka janma kang awujud diri
pribadi utawa manungsa minangka kluwarga ing pasrawungan masarakat. Srawung digunaake
kanggo ngatur tatakrama sesrawungan masarakat, amarga kanti srawung bisa
ndadekake kapribaden mbuh iku kawula alit, punggawa pangreh praja tatananing
negara, seniman utawa para pangarsane agama.
Lumakune jaman srawung wes ngalami maneko warna
owah-owahan, apa kawuri yen ditindaake pawongan iku wagu tur saru, nanging ing
wektu iki ora lan wus dianggep lumrah, suwalike semono uga, apa kang ndisik iku
lumrah nanging yen di cakke ana wektu saiki di anggep ora patut, njur ana
unen-unen “ketinggalan jaman”, kabeh
mau ora ana kang luput, mula sapa bae saben nduwe pangucap, lan tumindak apa
bae kudu empan papan lan panggonan, kudu digatukake karo sapa srawung iku pas
ngetokna umbal gagasan, aja nganti karepe becik nanging bisa salah tampa
pawongan kang diajak rembugan iku mau. Cekak aos ing jaman saiki kasembadan
utawa ora urip gumantung kapinteran anggone sesrawungan kalawan pada-padane.
Srawung ing pasrawungan iku werna-werna wujude, ana kang
nduwe srawung mung cukup kanggo nggampangke anggone golek rejeki tuladane kanca
sak pagawean, kanca pasar kagem dedagangan dodolane, lan sakpanunggalane. Ana
srawung ing media sosial, email, gmail, facebook, whatsapp, line, tango,
twitter, istagram lan sakpanunggalane.
Ana kang srawung saka dasar nduwe karep lan pamawas kang
pada. Pasrawungan kang mangkana iku beda-beda wujude, ana kang bisa kepetuk lan
bisa kekancan ing saben ndinane, ana kang ora kepetuk nanging bisa kekancan
lumantar alat kaya tulada ing nduwur.
Yen diwaspadakake saka katrangan ing nduwur, pasrawungan
sakliyane ana ing papan panggonane, srawung amarga ana gandengan karep lan
butuhe, srawung amarga pada kekareman lan kasenengane, mula kekancan bisa
nganti nggayuh pawongan saka njaba rangkah, bisa beda desa, beda kecamatan,
beda laladan nganti bisa beda bangsa lan basa, beda tradisi lan budaya, beda
watak lan jasmani.
Watake manungsa beda-beda manut kapribadene, yen kanca
iku apik mesti bae bisa nggampangke laku uripe amarga oleh pambiyantu rikala
ana bot repoting urip pada tetulung. Nanging uga ana nduwe kanca malah nambah
prekarane urip kanca iku bisa nyusahake, kang bisa gawe
wirang, gawe cilaka malah ana uga nganti bisa teka patine pawongan.
Kaperang kanca iku ana loro jenise yaiku kanca apik utawa
kanca sejati lan kanca culika yaiku kanca kang ora nduwe nalar budi kang apik
kang bisa nyilakani ing urip. Lumantar buku iki bakal mbedah mbukak jatining
kanca manut pirang-pirang katrangan kang bisa dadi kaca brenggala ing urip
kanggo para nupiksa kabeh.
JAGATING KEKANCAN
A.
Pangerten Kanca
Tembung kanca bisa diarani rowang, mitra, rencang (https://ensiklopedihindunesia.wordpress.com/), rowang iku tegese ngewangi pagaweyane kanca kang ora
bisa digarap dewe mbutuhaké pambiyantune wong liya, wong kang ngewangi utawa
mbiyantu bisa sinebut rowang.
Mitra iku kanca srawung, kanca nyambutgawe, utawa nyambutgawe digarap bareng-bareng
kanggo nyepetaké pagawean, kang ana sambung rapete kalawan pagaweyan iku. Mula
sinebut mitra pagaweyan. Mitra pagaweyan nduweni tugas lan tanggungjawab kang
pada ing pagaweyan.
Rencang ateges ngrencangi, mbatiri, ngancani, utawa
ngewangi. Pagaweyan utawa nindaaké sawijine kuwajiban kang ora bisa digarap
dewe kang mbutuhaké pambiyantune wong liya. Tuladane ing karang padesan ana
kang sinebut “sambatan”, yaiku
pagaweyan kang mbutuhke kanca sing bisa disambati, gawe omah, panen asil tani
lan sakpanunggalane. Uga ana kang sinebut “rewang”
ngewangi pagaweyane sanak sedulur lan tangga teparo naliko ana pahargyan,
sukuran lan sakpanunggalane, mula bisa ana tetembungan “rewang mantu” ngewangi pagaweyane sanak sedulur lan tangga teparo
kang lagi nduwe gawe mantu.Sambatan, rewang iku tumindak kang ditindaaké dudu
kanggo butuhe dewe, nanging butuhe wong liya. Biasane sing di jaluki pitulungan
bisa sanak sedulur, kanca utawa tangga
teparo.
Akéh banget ana kadadeyan kang bisa nuduhaké wong sing
nduwe gawe, nyambat katon menawa nduwe kanca akéh, kancané sethitik utawa ora
nduwe kanca. Yen kancanéakéh, srawunge akéh, mesti baé pagaweyan utawa nalika
nduwe gawe kanca kang ngrewangi cacahe uga akéh, suwalike ora nduwe srawung
utawa ora tau srawung mulane kang ngrewangi cacahe uga sethitik.
Sanadjan cacahe wong kang menehi pambiyantu ora bisa
dienggo ukuran, amarga akéh sabab kang njalari bisa akéh lan sithikke sing
gelem ngewangi, wong kang kinurmatan, kajen keringan mesti baé kang menehi
pambiyantu rikala nduwe gawe akéh, suwalike wong kang asor budine, ora kajen
ing masarakat bisa baé ora ana kang suthik menehi pambiyantu, pada ora sudi
ngewangi abot repote pawongan iku. Mulane akéh lan sithik kanca gumatung
kapribadene sawijine pawongan.
Akéh banget carito lan dongeng ngenani kekancan,
kawiwitan saka dongeng "Babad Tanah
Jawi" kang wis dialihaksarakélan
ditegesaké ana basa jawa Sudibjo Z.H, dikandaaké menawa Ki
Ageng Ageng Pemanahan lan Ki Ageng
Giring iku
wong lorosing kekancan. Sawijine wektu Ki Ageng
Pemanahan entuk bebungah saka Sultan Pajang sawijine papan panggonan aran
alas Mataram. Bebungah iku diwenehke dening
Sultan Pajangkaro
Ki Ageng Pemanahan bisa ngasoraké Arya
Penangsang. Carita
kawiwitan naliko Ki
Ageng Giring kang jumeneng ana Gunung
Kidul, sawijine wektu entuk wisik
adikodrati naliko Ki Ageng lagi menek wit klopo njupuk legen kanggo gawe gulo.
Ing papan kono ana sawijine wet kelapa kang ora tau metu wohe,
cedak karo sing dipenek
Ki Ageng. Wit klapa iku saklawase durung
tau metu wohe, nanging
rikala entuk wisik iku wit klapa wis ana wohe sanajan mung siji thil.
Wektu iku mung ana woh siji kang wus awujud degan.
Ki Ageng lagi masang bumbung kanggo
njupuk legen klapa, sakbanjure keprungu suwara.
“Ki
Ageng Giring, mangertenana, sapa sing iso ngombe degan ikulan bisa ngentekaké
saknaliko,mbesuk sak
anak turune bakal dadi Raja
Agung ing tanah Jawa," mangkono unine swara wisik iku.
Ki
Ageng Giring sakwise krungu suwara iku,
sakbanjure mudun saka wit klapa sing dipenek.
Sakwise nyelehaké bumbung legen kang wus kapenek,
sakbanjure cepet-cepet menek wit klapa sing diweruhaké
liwat wisik iku.Sakwisedi opek klapa kang degan iku Ki
Ageng Giring banjur mudun.
Nanging gandeng manut wisik degan kudu 'entekaké saknaliko',
amarga Ki Ageng Giring wektu iku durung krasa ngelak banget,
mula milih arep diombe naliko wektu wis awan lan panas.
Ki Ageng Giring sidane menyang ing
alas ndisik, karepe
yen wis kesel degan iku bisa diombe kaping pisan entek.
Wektu iku Ki Ageng Giring lunga menyang alas
pamrihe bisa ngelak banget lan bisa ngentekaké banyu degan iku,
nalika ditinggal menyang alas, kancané kang
asmane Ki Ageng Pemanahan rawuh ing daleme Ki
Ageng Giring niat lan tujuane ora dirembugaké kena apa kok
menyang daleme Ki Ageng Giring, lan wis dadi kebiasaan menawa kekarone iku wis nganggep
menawa nduwe karep apa baé yen ora bisa dirampungi dewe mesti njaluk direwangi
utawa yen wis suwe ora kepetuk nduweni rasa kangen, ing rasa kekarone ora bisa
pinisahaké, dadi ora mokal menawa Ki Ageng
Pemanahan sanadjan sing nduwe dalem ora ana bisa mlebu
ing omah.
Ki
Ageng Pemanahan wektu iku ngelak
banget, sakbanjure nggoleki kendi banyu putih,
naliko lagi nggoleki kendi banyu putih ndelalah weruh gumletak klapa
degan kang ana ing kono. sakwise weruh ana degan kang sumeleh ing omah iku, lan
mangerteni yen iku degane Ki Ageng Giring, ngandel yen ora bakal bakal ana
prekara, amarga deweé wong loro iku kanca rakét kaya kakang adi, mula banjur
diombe nganti entek degan iku, mesti baéKi
Ageng Pemanahan ora pirsa menawa
iku degan adikodrati, kang bakal diombe dening Ki Ageng Giring, lan ditinggal menyang alas supaya bisa kesel lan
ngelak, mesti baé yen ngetokaké kringet akéh lan kesel mesti bisa ngentekaké
banyu degan iku.
Ki
Ageng Giring naliko
kundur saka
alas mung
bisa ngugun
naliko pirsa banyu degan kang 'adikodrati' sing wus deweé unduh
wus ora
ana ing panggonane. Lan sabanjure pirsa
menawa Ki Ageng Pemanahan kang ana kono ngakoni menawa slirane kang ngombe banyu
degan iku.
Ki
Ageng Giring sakwuse
mireng pangandikane Ki Ageng Pamenahan rumangsa getun banget lan ngungun nggelani banyu degan kang kudune diunjuk iku
kedisikan kanca kentele, sedih lan banget
kuciwa. Suwe
panjenengane kendel, jejere pawongan kang kagungan kaluwihan,
mula enggal muwus lan pasrah marang Gusti menawa iku wus
dadi kodrat, menawa
iku wus
takdire
Gusti Kang Akarya Loka,
Ki Ageng Pamenahan bakal nurunaké trah
raja kang
nguasani
tanah Jawa. Ora ana padudon amarga degan
iku diombe Ki Ageng Pamenahan, sanadjan kekarone pada nduweni rasa ora kepenak, getun
banget. Kekarone bisa nampa kanti legawa, lan tetep biasa kaya ora ana
kedadeyan kang sakjane iku pakarti kang kleru lan kudune ora ditindaaké,
nanging gandeng iku uga wis dadi kebiasaan, kekarone nduwe panganggep yen omah
iku ya rasane omahe dewe mula pada ora rumangsa salah nindaaké apa baé
manut karep lan butuhe.
Ki
Ageng Giring nduwe pamundut marang
Ki Ageng Pamenahan, "Adi, panjalukku
mangkene
aku ngene
baé gandeng
banyu
degan wus mbok unjuk,
kepiye
aku bisa njaluk maneh sanajan iku duwekku? Mbesuk keturunanmu gentenan lawan keturunanku: mudun sliramu
sepisan,
sak banjure ganti
mudun
gumanti aku".
Ki
Pemanahan utawa
Ki Ageng Mataram ora kersa.
Penjaluke Ki Ageng Giring iku nganti kaping enem,
Ki Ageng Mataram ijih durung kersa.
Sakbanjure ganti Ki
Ageng Giring njaluk turun kang kapitu. Ki Ageng Mataram ngendika, "Kakang, Allahu'alam, piye apike mbesuk, aku ora ngerteni."
Saka carito ing nduwur iku dudu babagan rebutan banyu
degan kang dirembug nanging prekara kekancan, antarane Ki
Pemanahan utawa Ki Ageng Mataram lan Ki Ageng Giring, wong loro kang wis suwe kekancan awit cilik nganti
dewasa, malah sakarone nganti dadi priyagung tetep kekancan lan seduluran. Saka
sejarah ing carito iku bener-bener kedadean dudu dongeng pancen bisa dijupuk
intine carito yaiku kekancan kang apik iku gede mupangaté.
Ing kene uga ana kadadeyan kahanan kang ora apik
sakjroning kekancan, lan uga kahanan kang apik, jejere titah iku uga ijeh nduwe
luput, nduwe salah, mula perlu banget salah siji kudu ngalah. Langgeng lan
orane kekancan iku amarga tumindak lan pakartine. Ing srawung kekancan bisa
nduweni kanca wiwit cilik nganti sepuh tetep kekancan lan paseduluran, nanging
uga bisa kadadeyan sakdurunge wujud kanca rakét, kanca cedak utawa kanca pleg
malih bisa dadi mungsuh bebuyutan. Mesti baé kang dadi sabab iku salah siji
nduwe luput kang ora bisa ditampa salah sijine kanca.
Bocah-bocah cilik kerep “satru”, “jothakan”, lan “eneng-enengan” amarga prekara sepele,
kadadeyan memungsuhan kang kaya mangkene bisa mung sedina wis pulih anggone
kekancan, sakbanjure wis pulih maneh, nanging ora anjalari pedhot anggone
kekancan. Yen kadadeyan pedot kekancan luwih akéh yen kang “satru”, “jothakan”, “eneng-enengan”
iku para taruna muda utawa wong kang wis dewasa. Malah bisa dadi mungsuh kang
gede.
Menawa kedadeyan “satru”,
“jothakan”, lan “eneng-enengan” dadi mungsuh. Mesti baé ndadekaké urip ing masarakat
ora becik, ora tentrem, ora kepenak, saya maneh menawa nganti dadi tukar padu sing buntute tumeka
kadadeyan gelut paten-patenan, iki lakon kang nggegirisi.
Mulane njaga budi pakarti urip ing bebrayan kudu dipremati, dijaga aja nganti
bisa gawe sisip ing lakune panguripane.
B.
Kanca Manut Para Misuwur
lan Unen-Unen
Teges kekancan manut para misuwur lan unen-unen, tembung kekancan akéh banget lan werna-werna
surasane, kekancan nduwe teges yaiku;
Aristoteles, “kanca
iku jiwa siji kang ana ing badan wadag loro”.
Franz Schobert, “wong
kang wus nemoaké kanca sejati iku wong kang nemu kabagyan, lan wong kang nemoaké
kanca sejati ana ing sawijine wanita kang dadi sisihane iku wong kang luwih
nemu kabagyan”.
Confucius, “tidem
premanem iku kanca sejati kang ora tau culiko”.
Ana unen-unen, “akéh
banget wong teko lunga ing sak dawaning uripmu, nanging mung kanca sejati kang
ninggal pangeling-eling ing uripmu”, banjur pawongan tanpa asma ngunekaké
mangkene, “kanca sejati iku sedulur
kembar kang Gusti lali wenehke marang sliramu”, ana ugo kang ngendika, “kanca sejati iku ibaraté barleyan, larang
regane lan arang kang nduweni, suwalike kanca culiko iku kayadene gegodongan,
kang tinemu ing ngendi papan”, ana ugo paribasan, “mung kanca sejati kang bisa muni raimu reget”. “kanca sejati iku ibarat tembok, kowe iso
sendenan tembok iku, kowe ugo bisa nuliske kabéh isi atimu ana ing kono”.
Ugo tetembungan “kabéh wong krungu apa
kang mbok ucapaké, kanca biasa ngrungokaké apa kang mbok ucapaké, nanging kanca
sejati ngrungaké apa kang ora mbok ucapaké ing tembung”. Kekancan ugo
nduweni werdi “kanca sejati ora bakal
kongkon mlumpat menyang kali, amarga ngerti yen deweé ora bisa nglangi
nylametke awakmu saka ing pati”
Frances Ward Weller, “kanca
sejati bisa ngucapke tembung kang ora tau pengin mbok ucapaké”.
Leo Buscaglia, “siji
kembang bisa dadi petamanan, siji kanca bisa dadi donyamu”.
Sare lan Kate, “kanca
sejati iku kayadene nahkoda kang bisa nggawa prau reotmu ngliwati banyu
nggegirisi ing uripmu kanti slamet ”.
Richelle Mead, “mung
kanca sejati kang bisa ngayomi, saka panyerange mungsuh abadi”.
Walter Winchell, “kanca
sejati iku wong kang teko rikala wong-wong liya lunga ing urip iki”.
Bernart Meltzer, “kanca
sejati iku pawongan kang ngertine sliramu iku kaya endog kang apik senajan
mangerteni menawa endog iku benthet sitik”.
Sandy Ratliff, “kanca
sejati iku wong kang kerep ora gathuk marang pamawasmu, nanging tetep nganggep
kanca, amarga yen ora iku dudu kanca sejati”.
Arnorld H Glassgow, “kanca
sejati iku kang gelem ngguyu sanadjan ngerti yen leluconmu iku ora nyenengaké,
lan gelem ngewangi ngrampungke bot rentenging uripmu sanadjan mung sepele”.
Plutarch, “aku ora
mbutuhaké kanca obah naliko aku obah, kanca kang manthuk naliko aku manthuk,
yen mung ngono iku wewayanganku iso nindaaké luwih apik”.
Oscar Wilde, “kanca
sejati iku pawongan kang nyuduk sliramu saka ing ngarep”. (Zeniar
Badriah.2013).
Media sosial kang dadi papan kanggo golek kanca uga kerep
disebutaké apa iku tegese kekancan, lan miturut teges kanca manut warga/members ing Facebook GroupPakumpulan
Sambung Rasa Java Suriname Indonesia (SRJSI) uga nduwe maneka warna panyebutan
teges kanca yaiku;
Sigit Prasetyo, “kanca
iku ateges mitra utawa pawongan sing iso diajak mlaku bareng, mlaku bareng iki
werna-werna tingkatane, yen mlaku bareng mung sakderma ya kanca biasa, kanca
kelet ya jeneng kelet yen ana kana ya ana kene, kanca rakét ora mesti
bebarengan terus, ning yen ketemu nyambung rasane kepenak, kanca sejati wong
sing ora kengguh, senadjan sijine pas susah pas seneng tetepbaégelem diajak
bebarengan. Yen kanca palsu menawa yen pas senengbaémara, yen pas dirasa nguntungaké
gelem diajak mlaku bareng ning yen lagi susah mlayu sipat kuping samar yen
disambati”.
Kalih Wrehatnalla, “sami
mad-sinamadan, mboten perlu alergi suku, ras, agama, mboten perlu dibatesi
status sosial, intine kekancan kudu ngerti aten-atene kanca”.
Umami Siti, “kanca
ana macem-macem, kanca turu wis diiket akad nikah diarani bojo, kanca sing dudu
sedulur kandung nanging yen awaké dewe nemu masalah, kesusahan, kerepotan, kuwi
jenenge sahabat, kanca pleg kanca rakét pada wae, wong sing paling cedak karo awaké
dewe dudu sedulur, pacar lan pacangan, wong sing diajak susah seneng tanpo
pamrih apa-apa”.
Kristiyana
Madyaningsih, “pribadi-pribadi sing nduwe
kekarepan pada iku kanca, kanca ora
pilih kasih, ora mbedaaké status menawa ngaku kanca, kanca iku sekedar
penggembira/ melu nyenengke kahanan, sahabat utawa kanca cedak kudu dipilih,
kanca cedak kaya bojo, kanca bisa ngerti kanti apik, nanging awaké dewe durung
ngerti sejatine deweé iku kepiye, amarga také and gives tipis, kanca cedak na
njroning ati luwih duwur tinimbang karo sedulur kandung, sambungan emosi luwih
cedak banget, mula wirange deweké ya wirange awaké dewe, milih kanca cedak ora
gumantung status banda, nanging ati sing pada, kanca kaya bojo, amarga kanca
iku papane kang kinurmatan lan kudu diajeni semana uga kanca entuk papan sing
pada, kanca mung pengin seneng yen kanca cedak iku susah seneng pada dirasakaké
bareng ”.
Wisanggeni Nggugat, “kanca
sing apik yaiku kanca sing atine resik”
Wong Kam Fung, “jumbuh
kalian budayane tiyang jawi, kekancan punika saget nyenengke, ngelingaké,
mboten gadah watak, adigang, adigung, adiguna, ”
Ndhuktie, “kanca ya
teman, sahabat, kanca cerak, kanca cakét iku ya kanca pleg”
Ratna Setyaning Ratri, “kanca iku wong kang tansah ana ing susah lan seneng”
John Pandonger, “kanca
panci satu interesting, tansah ndamel antusiasme khusus, wonten raos bingah
skeptik, harap-harap cemas ning ngangeni, kanca palsu alias sawer oportunis,
real friend just found in pain, not in hura-hura, two faké happinnes, kanca
wingking iku kang seger wangi kang njalari urip krasa mak sherrrrr ”.
Drs Eko Isrianto, “kanca
yen apik iku kaya sedulur, akéh-akéhe
kanca iku malah jlomprongaké, srah-sruh kembang suruh modhar ora weruh, ugo di
kala kita jaya mendekat, nyemanak, dikala kita jatuh menjauh, ... ojo grusa-grusu
dipikir sing mateng,... kanca gelem njawil nanging ora gelem dijawil diedohi
wae. Kanca wingking iku bojo, seiring sejalan ora oleh entuk menange dewe,
garwo halusinasi kanca wingking, bojo ana ngarep bojo ngetutna ana mburi ana
ing sambubarang”.
Slamet Widodo, “kanca
iku wong dudu sedulur sing dikenal langsung, lan ora langsung (korespondensi),
surat menyurat, alam maya, ngerti jenenge, lan bab liyane kayata panggonane,
pagaweyane lan sak panunggalane, lan tansah sesambugan tansah kabar kinabaran
sakperlune”.
Raymond H Kasijo, “think
is my inspiration, kanca iku THINK ;
T = true, tulisan utawa omongan iso dipercaya,
H = helpful, tulisan utawa omongan migunani,
I = inspiring, tulisan utawa omongan iso nggo
inspirasi,
N = necessary, tulisan utawa omongan penting,
K = kind, tulisan utawa omongan iso gawe rukun,
Iki
inspirasiku 100% yen iso dadi kanca apik, yen kanca ana salah, ana kang bisa
mbeneraké vica versa saka kanca, yen kurang kanca kuwi diaturi nek ana sing
kurang, ora manut di culke, ugo tingkah polah tinimbang bisa gawe think”.
Hani Ardianto, “kanca
yaiku wong sing iso diajak rembugan bareng, ora tau ngajak sulaya, kanca sejati
iku ora ndelok kahanan isih susah apa seneng tetep gelem diajak bebrayan, ora
ngilang”.
Nugroho NugNug Wing, “kanca
iku kaya sedulur, dadi sirah dadi tangan, dadi ati, kadangkolo dadi sikil, iku
kanca cedak, bestfriend, iso nyek-nyekan, lan kampleng-kamplengan tanpa nesu
lan milara iku kanca, ngomongke awaké dewe apik éléke awaké dewe jujur njaba
njero, tulus, seneng melu ngguyu sedih melu nangis”
Yuli N Anto Bersatu, “kanca
srawung iku pawongan dudu sedulur kandung, kanca rakét sing gelem ngerti seneng
susahe kanca, kanca kelet kanca sing gelem bareng-bareng susah seneng ala lan
becike, kanca pleg tegese kanca cerak banget tanpa hubungan resmi, kanca
wingking yen jaman mbiyen iso diarani bojo jaman saiki iku pembantu”.
Chris Andriyan Saputra, “”
C.
Werna-werna
kekancan
1.
Kanca rakét
Tembung rakét iso sinebut cakét/cedak, dadi teges kanca rakét
ora mesti bebarengan terus, ning yen ketemu nyambung rasane kepenak. Yen
rembugan apabaétibane esem ngguyu, kanca rakét bisa diajak gegojekan, bisa
diajak ngguwak wektu, lan ing kalodangan mirunggan bisa diajak dolan
bareng-bareng menyang paran kang dianggep nduwe kenangan.
Biasane karo kanca-kancané sing rakét bocah-bocah cilik
pada dolanan, gegojekan, bocah enom biasane kanca rakét kanggo ngudari ruwet
kayadene basanepara kanoman sinebut “teman
curhat”, ngetoke uneg-uneg babagan apabaé wujudebisa prekara cilik nganti
prekara gede. Beda yen wis sepuh biasane kanca iku diajak rembugan babagan
prekara kang wadi lan wigati, kang perlu entuk dalan ngudari reruwet utawa
ngrampungaké prekara kang kudu dirampungaké nanging ora bisa dewe, kudu butuh
pambiyantu, tuladane prekara jejodoane anak turune, prekara galang omah,
prekara tangga-teparo kang mbutuhke pambiyantu lan sakpanunggalane.
2.
Kanca cedak
Wong sing ora kengguh, senajan sijine pas susah pas seneng
tetep
baé gelem
diajak bebarengan. Kanca iku akéh
cacahe, jenise lan uga wataké, angger gelem srawung mesti entuk kanca, nanging
ora kabéh kanca srawung bisa didadekaké kanca cedak. Kanca cedak ing kene ora
amarga cedak papan dununge nanging cedak ing ati, cedak ing rasa, cedak ing
pamikiran kango ngadepi samubarang prekara.
Kanca cedak mangerteni kabéh abang ijone kahanane kanca,
kaluwihan lan kekurangane kanca mesti dimangerteni kabéh, wewadi utawa tabu,
lan pawarta apabaékang bisa mirangaké wis dimangerteni, mula biasane ora angger
kanca bisa dadi kanca cedak. Ana pawongan kang bisa nduwe akéh kanca cedak
suwalike ana kang nganti tutup yuswa ora nduwe kanca cedak. Iku gumantung
wataké pawongan iku dewe. Bisa percaya lan bisa dipercaya iku dasar nduwe kanca
cedak.
3.
Kanca kelet/pleg
Kanca kelet ya
jeneng kelet yen ana kana ya ana
kene, tememplek kaya lem, kanca kelet biasane ngedegaké group. Arane group
werna-werna manut kasenengan kang pada tuladane group berby, amarga pada seneng
bonekah berby, group rossy, amarga pada seneng nonton balapan moto GP, group
Beckam, amarga seneng nonton bal-balan, lan sak panunggalane.
Kekancan model iki ugo ana éléké upamane salah sijine
group iku ana sing pada jenenge, pada kekaremané, utawa pada bocah
sakpantarane, bisa ndadekaké cecongrahan, rumangsa pakumpulane diasorké karo
pakumpulan liane, mulo bisa ana kedaden kang ora apik, gelut keroyokan lan
sakpanunggalane.
Malahan ana ugo bocah sing ora melu amarga bisa uga ora
entuk mlebu utawa ora gelem mlebu group iku mau, banjur bocah iku di rusiya,
bisa dipilara, bisa dienyék tembung liane jenenge di “bully”.
4.
Kanca wingking
Tembung “kanca
wingking” iku sejatine tetembungan kanggo ngarani wong wadon kang dadi
bojone, iki lantaran ing jaman ndisik biasane wong wadon iku manggon ing mburi
ana pawon yen ana tamu utawa ing pakumpulan. Kakunge sing dadi pangarsa ing
kulawarga nduwe hak lan kuwajiban ngurusi kabéhsamubarang kang ana ing omahe
dene wong wadon kang dadi sisihane kuwajibane mung ngurus pangan lan ngopeni
anak turune mula tembung kanca wingking
digunaaké.
Ing jaman mardika lan wis ana “kesamaan gender” hak lan kuwajiban wong lanang lan wong wadon wis
pada sederajat ora ana bedane. Kabéh nduwe hak lan kuwajiban pada, tembung kanca wingking wis ora pantes yen digunaaké.
Wong kang jejodowan mestibaénduweni pangimpen nduweni
bojo kang bisa nuwuhaké kabagyan lahir lan batin. Yen di deleng saka pakartine
garwa ana pitu golongané bojo kang ana ing jagat iki, apabaéjenise pitu iku?
Kang sepisan bojogawe pati, bojo kaya durjana, bojo kaya panguwasa, bojo kaya
ibu, bojo kaya sedulur wedok, bojo kaya kanca, lan bojo kaya batur.
Bojo kayadene gawe pati, yen kanti pikiran ora seneng,
serik, adem, lan kejem, kanti nepsu nduwe pepinginan wong lanang liya,
ngremehaké garwane, kang kepengin mateni wong kang wus menehi asok tukon, bojo
kang kaya ngene iki disebut bojo gawe pati.
Bojo kayadene durjana, naliko bojone oleh banda, kanti
kepinterane dagang utawa pakaryan liyane, deweé nduwe kekarepan njupuk sitik
kanggo kasenengane dewe, bojo kaya ngene iki disebut bojo durjana.
Bojo kayadene panguwasa, rakus lan keset, seneng
nganggur, kasar, kejem, ucapane saru, wong wadon kang sawenang-wenang marang
garwane, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo panguwasa.
Bojo kayadene Ibu, bojo kang tansah mbiyantu kakunge kani
apik, ngayomi bojone, kayadene ibu marang putrane, kanti pangati-ati njaga
bandane kulawarga, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo Ibu.
Bojo kayadene sedulur wedok, bojo kang ngajeni kakunge, kayadene
adi kang ngajeni sedulur tuwa, kanti rasa kormat ngajeni garwane, bojo kang
kaya ngene iki sinebut bojo sedulur wedok.
Bojo kayadene kanca, bojo kang rumangsa bombong lan seneng weruh garwane, prasasat kaya ketemu
kanca lawas, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo kanca.
Bojo kayadene Batur, bojo kang ora tau muring-muring, ora
wedi paukuman, sing sabar maranng garwane tanpa nduwe rasa serik, kanti lembah
manah manut kabéh panjaluke garwa, bojo kang kaya ngene iki sinebut bojo batur.
“Jenise bojo kang iki sinebut gawe
pati, durjana, panguwasa, bojo-bojo kaya iki, naliko badan wadag iki wus sirna,
bakal kecemplung ing neroko kang paling jero,
nanging,
Bojo kayadene ibu, sedulur
wedok, kanca, lan batur, kang mantep ing pakarti becik, tansah njaga pakarti
becik, naliko badan wadag iki wus sirna bakal mlebu ing swargo loka.
(Anguttara Nikaya 7:59: IV 91-94)
Ana lima cara wong kakung nindaaké kuwajiban marang
sisihane yaiku; ngajeni ora ngasoraké, setya tuhu marang garwane ora noleh wong
wadon liya, menehi kuasa ing kulawarga, lan menehi sandang penganggo.
Ana lima cara wong wadon kang di ajeni, ditresnani,
diwenehi kuasa, lan diwenehi sandangan lan penganggo yaiku; nindaaké pakaryan
kang dadi kuwajibane kanti bener, nduwe sikap lan pakarti apik marang kanca
rowang, setya tuhu ora sedeng, njaga simpenan banda kanti tliti, trampil
ngopeni samubarang kang ana ngomahkabéh kang kudu disamektaaké.
D.
Jenis kekancan
1.
Kanca sejati
Ana papat wernané kanca sejati yaiku, seneng mbiyantu,
kanca kang pada nalika seneng lan susah, kanca kang nuduhaké bebener, lan kanca
kang nuduhaké rasa seneng meruhi lan ngerteni kabagyan.
Kanca kang seneng
menehi pambiyantu bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé
njaga sliramu naliko awakmu ora waspada, kapindo, deweé njaga bandamu nalika
sliramu ora waspada, kaping telu, deweé ngayomi naliko sliramu kaweden, kaping
papat, naliko pakaryan wus rampung, deweémenehaké samubarang tikel pindo saka
panjalukmu.
Kanca kang pada nalika seneng lan susahmu, bisa dirasakaké
lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé menehi ngerti kabéhwadine marang
sliramu, kapindo deweé njaga wadimu, katelu, deweéora bakal ngenengaké naliko
ngerti sliramu nampa panandang, kaping papat, deweé ikhlas ngorbanaké jiwa
ragane kanggo nylametaké sliramu.
Kanca kang nuduhaké bebener marang sliramu, bisa dirasakaké
lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé ngelingaké lan menging sliramu nindaaké
tumindak luput lan dursilo, kapindo, deweé sarujuk lan mbiyantu sliramu nindaaké
pakarti bener lan apik, kaping telu, deweé menehi ngerti marang sliramu apa
kang durung mbok mangerteni, lan kaping papat, deweé nuduhaké marang sliramu
dalan menyang suwargo loka.
Kanca kang nuduhaké rasa seneng meruhi lan ngerteni
kabagyanmu bisa dirasakaké lan ana papat ciri-ciriné; “sepisan, deweé ora
seneng nalika sliramu nampa panandang kasangsaran, kapindo, deweé seneng ngerteni
sliramu nampa kamulyan lan kabagyan, kaping telu, deweéngelingaké lan ngendeg
wong-wong kang ngélék-élék sliramu, lan kaping papat, deweé bakal ngélék-élék
wong kang ngalemtumindakmu kang ora dinalar iku pakarti bener utawa luput. Iku
mau papat ciri-ciri kanca sejati, para wicaksana ngunandika;
”Kanca kang seneng paring pambiyantu lan,
kanca kang ana ing wektu seneng lan susah,
kanca kang nuduhke dalan bebener,
kanca kang seneng weruh kamulyanmu, kasenenganmu
patang prekara ikidingerteni para wasis lan wicaksana,
kudu di puji lan diajeniana ati lan pikiranmu, ibaraté
ibu marang anaké kang banget ditresnani lan digemateni”
Sang Wicaksana kang wasis lan mumpuni,
sumunar kadya mercusuar,
deweénglumpukaké banda kaya tawon,nglumpukaké madu,
bandane mundak saya ngrembaka,
kadya omah semut saya suwe saya duwur,
lumantar banda kang wus nglumpuk iku,
para hartawan bisa paring pambiyantu kanggo kabagyane wong akéh.
Deweé kudu ngedum bandane dadi papat bagean
iki gede mupangaté,
sebagian oleh di enggo sak senenge,
rong bagian kudu dienggo kanggo pagaweane
seprapat bagian kudu disinggahna naliko dibutuhaké.
2.
Kanca culiko
Sapa kang diarani kanca kang culika iku?, kanca kang
culika yaiku kanca; siji seneng main dadu, kertu lan adu kewan, saya nista yen
seneng adu manungsa, kanggo toh-tohan manungsa dienggo dolanan, loro wong
rakus, wong seneng wuru, wong kang ora jujur lan wong-wong kang ugo ora jujur
sakliyane iku uga wong kang senenge mupangatke wong liya kang didadekakékancané.
Ana werna papat kanca kang nyamudana bisa sinebut
mungsuh, sepisan wong njupuk kabéh, kapindo wong kang akéh omongané, kaping
telu wong kang seneng ngalem, kaping papat wong kang ngajak seneng-seneng
ngentekaké banda.
Wong kang njupuk kabéh bisa sinebut musuh kang etok-etok
dadi kanca kanti papat sabab; sepisan deweké njupuk kabéh, kapindo njupuk akéh
ngetoaké sithik, katelu apa kang ditindaaké amarga wedi, kaping papat deweénindaaké
samubarang kanggo golek senenge dewe tanpa mikiraké butuhe liyan.
Wong kang akéh omongané bisa diarani mungsuh kang
nyamudana dadi kanca kanti papat sabab; sepisan, deweé seneng ngomong prekara
mbiyen ndisik kang wis kawuri lan mbesuk, kapindo deweé ngomongaké rembung
kothong babagan kawelasan, katelu naliko kudu nindaaké apa kang diucapaké,
kaping papat deweé ora nindaaké kanti maneka warna alesan.
Wong kang seneng ngalem bisa sinebut mungsuh kang
nyamudana dadi kanca kanti papat sabab; kapisan matuk tumindak ora bener,
kapindo ora gelem tumindak apik, katelu ngalem ana ngarepmu, kaping papat ngélék-élék
ana ing mburimu.
Wong kang
seneng poya-poya bisa sinebut mungsuh kang nyamudana dadi kanca kanti papat
sabab; sepisan, deweé ngancani nalika sliramu ngombe inuman kang nyababaké
wuru, kapindo nalika mlaku sakparan-paran ing tengah wengi, kaping telu, nalika
sliramu nonton ing tontonan, kaping papat, nalika sliramu lagi judi main.
“Kanca kang nggolek apa kang kudu dijupuk, kanca kang
ngucapaké rembung kothong tanpa isi, kanca kang mung ngalem awakmu, kanca kang
ngancani poya-poya, papat werna kanca iku sejatine mungsuh kang sakbeneré dudu
kanca kang patut dadi kancamu, para wicaksana mangerteni iki, kudu disingkiri,
kaya dalan kang nggegirisi. (Digha Nikaya.III.187)
“Kanca kang golek apa butuhe dewe,
kanca kang nggedebus, drowos ngendikane,
kanca kang mung bisa ngalembana sliramu,
kanca kang ngancani awakmu poya-poya,
papat iki musuh sakbeneré, dudu kanca sejati.
para wicaksana mengerteni iki, wong kaya mangkene kudu disingkiri kaya
dalan rumpil kang nggegirisi.”
3.
Papat prekara kudu
disingkiri
Kanca kang patut
disingkiri yaiku kang mahanani papat kahanan kang dadi sabab sawijine pakarti
dursila yaiku, tumindak nista saka pepinginan kadonyan, tumindak nista saka
drengki, srei, tumindak nista saka cubluking nalar budi. Sapabaékang tumindak
adesasar pepenginan marang kadonyan, rasa serik, lan cubluk ing nalar lan budi,
tuwuh saka kaweden, mula nindaaké pakarti nista, kang disababaké saka salah
siji saka patang prakara minangka sabab iku.
Ana enem sabab cara ngentekaké banda kang ora patut lan
ora apik ditiru yaiku; ketagihan inuman lan obat-obatan kang bisa gawe mendem
sarta pengrusak kesadaran, cara sepisan ngentekaké banda, kapindo lunga
kluyuran wayah wengi ana ndalan, kaping telu lunga menyang papan hiburan kaya
cafe, bar lan diskotik, kaping papat seneng main kertu, dadu, adu-adu kewan lan
manungsa, kaping lima srawung karo wong dursila, lan kaping enem keset, wegah
makaryo.
Ana enem bebaya karem inuman gawe mendem lan obat-obat
kang marakaké wuru, sepisan nyababakémudun kesadarane, loro ngentekaké duwit
sing wis ana, telu marai congrah, papat marai lelara, lima kélangan jeneng
apik, enem mbukak wadi lan kélangan pangenget.
Ana enem bebaya lunga kluyuran wayah wengi ana ndalan,
sepisan ora bisa njaga awaké lan oleh pangayoman, loro anak bojo ora di ayomi,
telu bandane ora di awasi, papat bisa didakwa nindaaké pakarti dursila, lima
bisa dadi sasaran laporan palsu, lan enem bakal ngalami kabéh kahanan kang ora
nyenengaké.
Ana enem bebaya lunga menyang papan hiburan kaya cafe,
bar lan diskotik, wong kang seneng bakal nduwe pikiran, sepisan “ngendi ana
jejogetan ”, loro “ngendi ana tetembangan” telu “ngendi ana sing ngunekaké alat
musik” papat “ngendi ana dongengan lan carito” lima “ngendi ana keplokan lan
surak-surakan” lan enem “ngendi ana pengumuman bakal nganakaké hiburan”.
Ana enem bebaya seneng main kertu, dadu adu-adu kewan lan
manungsa, sepisan sing menang oleh mungsuh, loro sing kalah nggelani bandane,
telu ngilangaké bandane sing wis ana saiki, papat rembug caturan ora bakal di
percaya ana ing pangadilan, lima diremehaké kanca lan sobatané lan enem orang
ana wong gelem nikah karo deweé wong
seneng main ora bakal kuwat ngopeni anak bojone.
Ana enem bebaya keset, wegah makaryo, wong ngono iku ing
pikirane biasane mikir kaya ngene; sepisan mikir “adem banget” terus ora nyambut gawe, loro mikir “panas banget” terus ora nyambut gawe,
telu mikir "ijeh kesuken"
terus ora nyambut gawe, papat mikir “wes
kawananen” terus ora nyambut gawe, lima mikir “aku luwe banget” terus ora nyambut gawe lan enem mikir “aku wareg banget” terus ora nyambut
gawe. Kaya ngono iku alesane wong keset ora gelem makarya. Banda kang wis ana
ora diijoli kanti lantaran makarya, saya suwe saya entek banjur ora nduwe
apa-apa. Wong kang kesed nyambutgawe sakliyane susah awaké dewe uga bisa
nyusahaké wong liya.
E.
Kabecikan Kanca
Sejati
Sakwise mangerteni kanca sejati lan kanca kang culiko.
Sakbanjure kudu mangerteni mupangaté nduwe kanca sejati. Kanca bisa dijenengke
kanca sejati yen nduweni tandha-tandha kang cacahe ana pitu yaiku;
1.
Priya
Kanca sing pangandikane alus, bisa nentremaké ati,
nduweni rasa tresna asih, gawe kahanan nyenengaké.
Kanca jenis iki disebut “priya”, thithikane yen ngendika alus nengsemaké, ora kersa ngendika
sora ambrebegi karna, ulate padhang, mesem nggawe seneng kabéh pawongan kang
keprungu pangandikane, solah bawa tandhang tanduk, muna-muni becik tansah mulat
salira hangrasawani, ngajeni marang sapa baé kang dadi kanca rowange, kanti
tresna asih kersa sabiyantu sapa baé kang kudu oleh pitulungan.
Biasane kakung utawa putri iki anduweni prabawa kang
gede, najan pangandikane datan nate medotke gurung, nanging bisa agawe swasana
kang petheng dadi sumunar amarga esem guyu kang keprungu, swasana “romantis” bisa kacipta ing kahanan kang
kayamangkene iki.
2.
Dwija
Kanca kang bisa diajeni amarga tumindaké nduweni budi
pekerti luhur, ing sesrawungan nuwuhke rasa aman lan tentrem.
Dwija tegese guru, patrap lan lakune nduwe pangaribawa kang
gede. Asring aweh pitutur kang becik, meruhaké dalan kabecikan, paring wuruk
marang kanca sobatane, kepiye nglakoni urip kang bener, pener lan pinter.
Prekara kang diadepi kancané didadani, diayomi, ora
gigrig sanadjan yen lena bisa teka ing pati. Wong kang nduweni kanca
kangmangkene iki uripe rumangsa diayomi, rasa aman tansah sinuyudan rina lan
ratri, bisa njumbuhaké tentreming ati.
3.
Bhāvanija
Kanca sing bisa nukulaké kemajuan batin, utawa kanca bisa
mulang-wuruk marang kawicaksanan.
Urip iku pancen angel, ruwet lan akéh prekara-prekara
kang bisa marakaké thukul hardaning kanepson. Pakarti nista tuladane tumindak
nganiaya lan gawe pepati, njupuk barang kang dudu duweké, nindaaké sanggama
nista, ucap dora, ucap pitenah, ucap kasar lan nglarani, ucap drowos kothong
mlompong, mangan lan ngombe barang kang nyababaké mudune kasadarane pancandriya
iki kang sinebut pakarti nista.
Tetembungan “ora
bisa ngilo githoke dewe”, tegese wong pawongan iku akéh kang ora bisa
ngerti manawa pakarti kang ditindaaké iku nista, malah ana pakarti nista iku
dadi pakareman, tumindak kang diuja-uja, uripe mung golek senenge dewe. Iku mau
bisa dumadi menawa ora gelem ngintrospeksi awaké dewe.
Nduwe kanca kang bisa nuduhaké thukule kemajuan batin,
utawa kanca kang bisa mulang-wuruk marang kawicaksanan iku sawijine kamulyan
agung. Kanca bhāvanija ora seneng
weruh kancanénindaaké tumindak luput. Kanti rasa tresna asihe kancané
dikandhani, diajari, diwulang piye bisa dadi manungsa utama, manungsa kang bisa
nindaaké pakarti tumuju marang kabecikan.
4.
Vaktŗ Ca
Kanca sing pinter wicara ing babagan prekara apik, bisa menehi
ngerti, ngajari bisa urip kang becik, bisa didadekaké kanca rembugan lan menehi
dalan ngrampungaké prekara.
Kanca vaktŗ ca,kanca
kang mangkene bisa agawe swasana peteng dadi padang, swasana sepi dadi rame,
kahanan dadi ceria kanti tekane kanca jenis iki. Deweé bisa ndagel guyon kanggo
nyenengaké kanca-kancane. Kanca iki bisa diajak rembugan kang wigati apadene
rembugan mung guyonan, bisa swasana kang tintrim saknaliko malih dadi ger-geran
rame pada ngguyu amargo pacelatone iku kang lucu agawe guyu, suwalike uga bisa
rembugan sepele guyon saknalika dadi pada meneng mirengake pangandikane nalika
ana bab-bab kang wigati lan kanca-kancane kudu ngerti.
5.
Vacaskşama
Kanca sing sabar yen mirengaké rembugane kanca, ora
rumangsa kesel lan jengkel ngrungokaké ocehane kanca, bisa diajak diskusi ijol
pamawas (tukar pendapat), apik lan nyenengaké.
Kanca vacaskşama,
kanca iki kena di arani “pendengar yang baik”, kanca papane “curhat”, yen ana
kanca kang teka nangis ngetokaké kabeh reruweting pikir dimirengaké nganti
leren anggone nangis, yen ana kanca kang crita kanti ulat mbrabak abang
mangar-mangar swarane banter kether, ngetokaké amarahé, tetep dimirengaké
sakbanjure diedem-edemi penggalihe kancane iku mau supaya sabar lan ora
nggedekaké emosine.
Yen wis rampung kabeh uneg-uneg kang di suntak kancane
iku rampung lagi kersa ngendika kang gawe adem, nyenengaké lan gawe marem
kancane iku lan rumangsa apa kang diucapaké iku mau ora disalahaké saknalika
nanging diwenehi dalan kanggo ngrampungaké prekara kang nggubel kancane iku
mau. Mulane kanca iki di arani “pendengar yang baik”, kanca “curhat”.
6.
Gambirañca Kathaṃ Kaṛtr
Kanca sing bisa menehi pepadhang, ngrampungaké
prekara-prekara sing angel lan rumpil, bisa njelasaké pitakon-pitakonan angel
jawabé, nuwuhaké rasa marem kanggo sing nduwe pitakonan, meruhaké dalan kanggo
ngrampungaké prekara-prekara sing dadi pitakonan iku.
Kanca gambirañca kathaṃ
kaṛtr,kanca iki bisa nyauri pitakonan kang posible and imposible, babagan kang bisa di nalar lan ora bisa di
nalar kanti jawaban kang bisa diendel lan di precaya amarga bisa dinalar kanti
pikiran waras. Tuladane ing jagat iki ana maneka warna kahanan kang ora pada
kayadene; “wong kang nasib apik lan wong
kang nasib ala, wong kang nduwe pangaribawa gede lan wong kang asor drajade,
wong kang kinurmatan, diajeni sakenggon-enggon lan wong kang disepeleaké ora
kajen babar blas, pungkasan wong kang uripe nemu bagya mulya lan wong kang
uripe tansah kebak ing panandang”.
Wong kang mursid ing batine sing bisa njlentrehaké kahanan
iki, ora mung gaco nyauri pitakon iku kanggo nyenengaké wong kang nduwe
pitakonan, ora nduwe pikiran kanggo njlomprongaké lan nduwe pangerten kleru ing
urip. Amarga wong ngene iki pirsa kanti bener kayangapa gedene Panguwasane
Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora di jawab migunaaké pangerten kang luput, iki
jenenge kanca kang kagungan gambirañca kathaṃ
kaṛtr.
7.
No Caṭṭhane Niyojᾱye
Kanca sing bakal nuduhakéendi dalan peteng lan kliru,
kang bisa nyilakani wong liyo.
Kanca no caṭṭhane niyojᾱye,
pirsa angger-anggeré bebener, angger-angger kadonyan lan angger-anggeréGusti
Kang Murbeng Dumadi. Angger-angger iku aturan kang kudu ditindaaké, ora kena di
langgar, amarga yen di langgar bakal pikoleh paukuman bisa saka negara bisa uga
saka kang Gawe Urip.
Angger-angger kang digawe dening negara yen dilanggar
bisa diukum lan dikunjara, nanging yen bisa nduwe alesan lan bisa mlayu saka
kunjara isih bisa slamet, nanging angger-anggeré kang Gawe Urip, manungsa lan
kabeh jalma ora bisa uwal saka paukuman, arepa ndelik ing sakjrone leng semut
pisan tetep bakal nampa paukuman kang adil, sakadil-adile ora sisip sak
gluguting kolang-kaling.
Bener gaweyane manungsa isih bisa dienyang, disingkiri,
lan dilanggar kanti tanpa nampa paukuman yen kang nindaake bisa mbudidaya,
nanging bener Kagungane Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ora dipengaruhi papan
panggonan, ora dipengaruhi wektu mbiyen saiki apa mbesuk, ora dipengaruhi
kahanan adem panas, nyenengke utawa ora nyenengke. Kabeh lumaku kanti adil ora
mbedaaké siji-sijine jalma, mbuh iku jalma manungsa, kewan, titah alus lan
kabeh titah nampa kang ditindakaké.
Kanca no caṭṭhane niyojᾱye,
pirsa angger-anggeré bebener, mula nuli menehi ngerti kabeh kanca-kancané.
Mbudidaya supaya kabeh kancané pada nemu slamet beja lan nemu ing kabagyan, aja
nganti ana kang nandang cintraka lahir lan batine. Iki jejeré kanca kang becik,
apik lan patut nampa ing pakurmatan, kanca kang wajib diajeni, disengkuyung,
aja nganti di serik gething, aja nganti dimungsuhi.
KEMBALI ....
KEMBALI ....